Selasa, 24 Januari 2012

MERTI DUSUN PANCURAN DESO BANYUBIRU


Wektu iki merti dusun ing tlatah Deso Banyubiru lan sak kiwo tengene wis mulai podo dipengeti kanti nanggap wayang purwo sedalu natak, koyo toh ing Dusun Pancuran kang wis dipengeti ing dino Sabtu tanggal 21 Januari 2012 (penaggalan Masehi) utowo dino Sabtu Wage tanggal 26 Sapar 1433 Hijriyah (tahun Wawu 1945).
            Merti dusun Kanti ujub Syukur ing ngarsani Gusti Kang Amurbeng Jagad kang wis paring kanugranan, kemakmuran, kesuburan, lan nikmat-nikmat si ng ora biso kasebut uga kanggo menggeti lan caos roso pakurmatan kagem poro leluhur kanti kirim doa lan ugo podo paring pakurmatan karo bumine sing wis paring ulu pametu sak hinggomwargo Dusun pancuran biso urip kang murakapi lan makmur mulane kanti merti Dusun wargo biso mapanake laku kang apik lan jumbuh kang biso nemahi apike bumi koyo toh tetandur kang bener-bener sak hinggo kelestaren bumi biso subur lan lestantun ora tandus lan gersang adoh soko bencono.
            Dene reroncene acoro Merti Dusun Pancuran kawiwitan soko resik-resik tuk/sumber banyu ing Sekelowoh (Deso Wirogomo) ugo Tuk/sumber banyu ing Gondang lan Tuk/sumber banyu Metes ing Dusun Pancuran ing dino setu esuk lang katerus ake selametan bebarengan ing omahe pak Kadus Pancuran. Lang ing dino awane kawiwitan Wayangan kanti dalang Giri Suhatno lan ing bengine diterus ake Wayangan Sedalu natak kanti Dalang Ki Sutono Hadi Sugito kanti lakon Wahyu Purbo Ningrat.
            Ing bengi iku banget gembyeng amargo Bopo Bupati Semarang H. Munjirin,Sp.Og lan anggota DPR Agus Prastiyo, Kusulistiyono,SH ugo rawuh diombyonggi Bopo Camat, Kapolsek lan Kades Banyubiru  podo biso nyerawung karo wargo najan Dusun Pancuran ing ereng-ereng Gunung Kelir nanging kuwi kabeh dudu hambatan kango mujud ake manungale Gusti lan Kawulo, koyo kang diatur ake Bopo Bupati Munjirin,Sp.Og menowo kabeh kekarepan kudu disengkuyung bareng koyoto merti dusun iki lan kabeh kudu podo nganggo Hati Nurani kang dicontoh ake koyo lelampahan wayang Wiroto Parwo.
            Merti Dusun Pancuran biso kelakon amargo disuhi dening Mas Marto pinongko Ketua lan disengkuyung konco-konco tokoh masyarakat ing Pancuran ing jajaran kepanitiaan kanggo mujud ake kekarepan merti Dusun Pancuran iki wargo masyarakat urunan per KK roto-roto Rp 150.000,- tekan 200.000,- iku kabeh biso kelakon karono antarane wargo lan panitia biso sak yek sak eko proyo. Iki jumboh karo pangangen-pangagene poro sepuh biyen cikal bakal Dusun Pancuran sing biyen –biyene soko dusun Karang Padang kang pangonane nek saiki ning kulon skip lan saiki wis dadi sawah kanti sebutan block pistulan, wargo Karang Pandang hijrah mungah ing Pancuran amargo ing dusun Karang Padang digawe lapangan tembak bongso Walondo, mengkuno kuwi gambaran sekilas sejarah asal mulane Dusun Pancuran najan ing Pancuran dewe biyen-boyene ugo wis ono wargo asli kang disuhi dening priyayi Gung soko trah pendereke Pageran Diponegoro kang kasebut neng Pancuran yoiku Mbah Pancur.
            Mengkono kabar sak klebat Merti Dusun Pancuran mugo-mugo biso dadi pepeling kito kabeh angone tansah nguri-uri kabudayan Jawi lan ugo tansak nengenake kepentingan masyarakat.
            Suro Diro Jayaningrat Lebur Dening Pangastuti

Jack Sawala




0 komentar:

Posting Komentar

Twitter Delicious Facebook Digg Favorites More