Selasa, 10 Januari 2012

KARANG TARUNA BARU KLINTING DUSUN KRAJAN DESA BANYUBIRU WIS NGELILIR MANEH


Lur dulur iki ono kabar maneh kahanan sing paling gres “Karang Taruna Baruklinting”  loh Lur senajan iki during biso dikatagoriken bener lan apik nanging sak ora-orane wis ono semangat sing makantar-kantar ing antarane poro konco-konco najan durung kabeh nanging wis biso nguggah wacana sing becik lang mugo-mugo biso mujudake Dusun Krajan Banyubiru iso ijo royo lan mengkono biso ngasilake pametu sing biso gawe pemasukan kas Karang Truna.
Lah opo toh programe konco-konco Karang Taruna? Mestine sedulur-sedu;ur podo takon lah iki programe “ nandur sayurar-saruran ing lahan sing kekiwo koyoto contone ing pinggir kali kulan dusun soko Pos Jogo Rt 06 Rw I tekan ngarep SDN BV, iku  kabeh wis kelakon ing dino Minggu tanggal 8 Januari 2012 kanti dipandegani Kang Bejo, Kang Ayis Komar, Kang Agung Bedor , Kang Catur, Kang Budhi Bodhong, Kang Wing, Kang Pesut, Kang Domex , Mas Guru Dedy, Kang Deny Kenyut  lan disengkuyung Ki Demang lan pak Hong ketua Rt 06 Rw I, kabeh kang diniyati  nandur sayuran kang migunani koyo toh kacang panjang lan pare, najan kanti podo wagu leh podo nyekel pacul wong ora podo tahu macul nanging  kanti semangat kang makantar-kantar  kabeh mau biso kaleksanan.
Lak mungkin dulur podo gak kenal karo solah bawane konco-konco Karang Taruna  sing kasebut ing nduwur mau koyoto :
1.    Kang Bejo Soleh : bocah iki anake Lik Karnan dadi putune mbah Dul Khahar bojone mbah Karto Gong, bocah iki akeh akale lan penemune tapi kadang so rodo kemajon iki mungkin soko pengaruh sing ora imbang antarane pikiran kiwo lan tengen amargo deweke duwe pelong ing sisih pilingane he he………ora entu nesu loh kang ning masalah semangat ojo takon deweke paling sip wong nek ono seksi pembangkan deweke sanggup dadi seksi iku lah lak luar biasa to ……
2.    Kang Azis Komar Bin Surosan : bocah iki anake pak Sugeng Tiyet utowo Surosan (Sugeng Rohmat Santoso)putune mbah Modin Sulamin (modin sepuh Krajan) meneng tur pikirane terlalu serius dadi rodo susah omonge mung siji loro nek gak diajak omong mung meneng koro tangane trampil sms Mayomi kenjo ayu wetan Dam Bolodewo, leh tandang gawe luar biasa najan ngeleh tetep wae kerjo amargo pancen ora ono sing dipangan he he…………………
3.    Kang Agung Bedor  : bocah iki anake Lik Karno dadi putune mbah Dul Khahar bojone mbah Karto Gong, bocah iki jane lucu tur omonge siji loro tapi kadang nganyelke opo mungkin bar tibo seko wit Lombok yae tandange ugo luar biasa leh cekel gawe najan macule wagu………………………
4.    Kang Catur : anake Lik Ribut bocah iki meneng tapi akale akeh tur yo pinter wong wis tau merantau tekan Borneo buruh nandur Sawit dadi yen ing even iki paling trenginas lan mumpuni wong gek rikolo sekolah ing SMK Bawen yo temen bedo karo konco-koncone sing podo seneng nonkrong ing pasar sapi …………..
5.    Kang Budhi Bodhong : iki anake Lik Bambang Suwardi dadi putune mbah Muh Yi dukun ampuh kondang soko kampung Ngendo he he…………….. bocah iki meneng paling komentare “T”  bocah iki pancen meneng amargo ugo bar tibo soko wit Lombok ning masalah kerjo tetep semangat tur yo entengan kerjo opo wae nek kumpul ugo ora pilih-pilih karo sopo wae supel mulane akeh bocah wadon sing keyuyun amargo bocahe low profil he he……………………….najan leh mangkat kerja bakti telat tetep “T”…………………
6.     Kang Wing : bocah iki anake pak Niti Ngatemin najan bocahe cilik ning wis ngemut umur ning masalah semangat tetep pemuda najan nek metu-metu mesti dikontrol bojone sing soko tlatah Bleduk Kuwu ning ojo salah loh durul bojone pak Wing saiki wis enjoy wong wis GAUL nek senam sehat lan joget dangdut tingkat RT wis gak canggung tur yo luwes opo kambon darah tayub yohhhh……. pak Wing bocahe loman najan nek karo kang Pesut nek ketemu ora tahu akur ning nek mancing mesti akur…… leh kerja bakti ugo telat tapi tetep “T”…….
7.    Kang Pesut : bocah iki anake lik Sarman Londo kepiye mula bukane kasebut londo ora ono sumber sejarah sing baku ning sing jelas rambute lik Sarman putih kabeh ……….. bocah iki solah bawane tansah nyenengake luwih-luwih nek nguyu akeh mincutke cah wadon mulane ati-ati nek ketemu cah iki, mungkin antuk warisan ilmu pellet soko demit gunung kelir utowo kali klegung nek ora percoyo buktino lur … baguse koyo arjuno .. gagah koyo werkudoro .. tapi nek ngguyu koyo buto … Leh mangkat kerja bakti ugo telat ning leh mangan awan ora telat malah keporo gasik dewe …………… ning yo tetep “T”………
8.    Kang Domex : bocah iki anake Lik Komadi dadi putune mbah Sumi dukun bayi lan dukun liyo-liyone sing wis kondang ing jagad Banyubiru lan sak kiwo tengene ning wonge super galak !!!!!!!!!!!!! ................. bocah iki kerep tibo soko wit  lombok wong ning bocah iki duwe mental sing badak dadi tetep “T”…………. lek mangkat kerja bakti ugo telat ning mumouni masalah manase (rangsum)…. Bocah iki nek nyandang jane pakaiane apik-apik tapi sayange rak tahu wangun wong piye yo jarak sirah koro lemah cedak banget he he …………………….
9.    Mas Guru Dedy : bocah iki ora wong kene dadi silsilahe gak podo tahu tapi sing jelas bocahe sregep lan meneng tur seneng kegiatan opo maneh nek bareng ceweke cah wadon wetan makam Kiyain Joyo Proyo, leh mangkat kegasiken sampai bolak balik koyo seteliko ning tetep “T”…………………….
10. Kang deny Kenyut : bocah iki anake kiyai Usup (alm) bocahe ganteng ning ngeleleng rak tahu serius nek rembukan akeh sing dipikir ning rak pati jelas …… ning nek ngerayu cah wadon jan luwes tur yo sopan………najan leh mangat kerja bakti super telat padahal sing ajak-ajak mangkat gasik yo mas Kenyut tapi tetep “T”……………………..
Mengkono kuwi gambarane bocah-bocah Karang taruna baruklinting sing action nandur sayur-sayuran kanti pangajap biso dadi penghasilan biso kanggo tombo kesel lan nguranggi pengangguran……..he he. … wis yoh dulur-dulur ojo podo nesu nek kesinggung yoh pancen wis di senggojo ben podo jengkel njur podo noto : 5T

Toto Titi Tentrem Terampil Tenang

Nuwun………….nuwun………..nuwun…………………..

SURO DIRO DJOYO JAYANINGRAT LEBUR DENING PANGASTUTI

JACK  SAWALA





11 komentar:

Titik mengatakan...

Oh dik bejo anake mas karnan toh lah cah winggi sore tak kiro ki mas Giyono bagor, yo wis ... dik Bejo cah-cah diopeni nanti konco-konco neng rantau tak urusane

pocong mengatakan...

Bude Titik ... sanes "CAH WINGI SORE" mas bejo umur e mpun kisaran 30th ....

aziz 'marcho' mengatakan...

semangate konco2 pancen patut d ajungi jempol,,,tpi kok yo msti ch kui2 wae po pncen gur ch smono kui remajane krajan bnyubiru ki,,,??
Tpi okelah ttp semangat konco2 liane ben do nyusul,,,

BEJO PENUH PESONA mengatakan...

thank mas pesut atas unggahan kegiatan penghijauan karang taruna baruklinting
tpi msih bnyak yg blum d upload..............
Bwt pra prantauan klau smpet mudik liat hasilnya mudah''an banyubiru trliat hijau tpi rapi penataan tmbhanya ............
Dri karangtaruna baruklinting mnta doanya spya tnamanya bsa brmanfaat khsusnya bgi desa krajan banyubiru.....
Bwt yg d prantauan lgi mudah2an karang taruna baruklinting bisa mnjaga keindahan,keamanaan, &ketentraman krajan banyubiru trcinta,,,,,,
So pribumi banyubiru yg di rantau waktu mudik bsa mlihat hasilnY & brkenan dhati(mugo2 kata2ne bener ora koyo kang pesut ngawur neng kopen)hehehehehehehehe...................
Kang pesut nesu entok tpi ojo ngampleng......

Bodonk Dalam Pelarian mengatakan...

Kangge Karang Taruna Baruklinting Krajan Banyubiru Tetap T dan T, Sing penting ojo do jotos jotosan,tetep rukun N PEACE selalu, Tak ada Bokong yang tak ratak... heheheh opo Kuwi, ?????? pikir dewe TETEP T....OK

Jack sawala mengatakan...

Kang Bodong hehe nek dlm pelarian kpn leh arep maju wong playon terus mbok mandeg wae ben jelas karepe piye masak tibo soko wit lombok gak mari2. mbok lek ngelilir 5 T loh

Anonim mengatakan...

aiyuwethey

agung is not bad door again mengatakan...

ulat sariro hang roso wani ojo rumongso iso biso ngrumangsani ngulrug tanpo bolo menang tanpo ngasorake pr gw sedoyoke mawon ingkang saget mikir ok yes zou wattawa saubil haqqi wattawa saubissober,...

Ustad SOLMED.. mengatakan...

siiiip.. cah nom krajan banyubiru..ojo mung MABUK wae nanging giatke karang taruna "baru klintingan" eh salah BARU KLINTING".. semangat...

pari mengatakan...

sosoteeee...

Anonim mengatakan...

anak di2kq sudah k jalan yg benar

Posting Komentar

Twitter Delicious Facebook Digg Favorites More