Sabtu, 11 Februari 2012

NGUMBAH KUCING


Assalamu’alaikum lur …..

Isuk-isuk aku njujug warunge Mbak Sari arep tuku RINSO …

“Mbah, kok dengaren sampeyan umbah-umbah dhewe ?” takok Mbak Sari.

“Aku ki arep ngumbah kucing”

“Gak salah to Mbah !” Mbak Sari bingung.

“Iyo soale kucingku akeh tumane.” Jawabku.

“Wah yo iso mati kucing sampeyan Mbah” Mbak Sari ngilingke aku.

“Lho koncoku wingi ngono, ngumbah kucinge nggo RINSO yo rak po-po kok nduk” jawabku ngeyel.

 
Wis gandeng selak awan aku njur mbayar RINSO trus menuju ke kali ngumbah kucingku.

Sisuke, Aku teko maneh ndhik tokone Mbak Sari arep tuku rokok.


“Pripun kucing e sampeyan Mbah ?” takok e Mbak Sari.

“Kucingku mati “ jawabku karo nyumet rokok.

“Lho lak tenan to. Sampeyan iku tak kandhani mboten percoyo. Lha ngopo kucing kok dikumbah ambek rinso, wong onok obat tumo” jare Mbak Sari karo nyeneni.

“Kucingku mati hura mergo RINSO” jawabku ngeyel.

“Lah trus sebabe nopo Mbah kok kucinge mati …. ??” Mbak Sari gak sabar.

“Tak peres . . . .”

7 komentar:

Maimun mengatakan...

Munyuk wis mulai kumat leh gawe artikel wis aneh-aneh mugo2 artikele biso dadi jampi setresss nek gak mari di ombeni jamu ne mas Bejo (jamu nyoya kentir utowo jamu enggal sedo) he he he

Munyux mengatakan...

wakakakakaka .... siapakah dirimuh hai maimun ? ... jian dirimu ki .... hahahahah ...

putro wayah srambi kabah mengatakan...

ahihi...tk urun keplok sanajan ra tombok,..clemang-clemong on the main,melu mesem sanajan panjenengan pamaose atine gumreget tp mbok yo seneng hoho

agung pramono mengatakan...

wah sae tenan artikele,..zut2 7ane pun oleh tp yo mung nggon dagelane..whehe yo koyo biasa wae ngene2 yo tk melu ndukung wong ora olo kanggo ku,tapi yo mbuh wong liyo liyane...xixi okey intermezzo improvisasi kontroversi,yuck caw jurus angin ilang

kendedes mengatakan...

munyuk asline ki ge keno stroek otak

Jack S mengatakan...

kan alsine Munyuk ki gek golek saluaran opo wae gawe ngilangi mumete polo

Anonim mengatakan...

munyuk njaluk di rukiyah neng silantjenk....

Posting Komentar

Twitter Delicious Facebook Digg Favorites More