Selasa, 31 Januari 2012

BENCANA KOBONGAN ING WETAN GUMUK BOLODEWO

    Byuuuh……..byuuuh…..byuuuh lakon opo manek iki kahanan kok koyo ngene paribasane wing ngomong durung garing lambene leh ngomong musibah Ringin ambruk wis ono maneh kedadean musibah kobongan ing pabrik tahu duwe’e  ibu Sulimah ing Rt 07 Rw I dusun Krajan Deso Banyubiru otowo nek wong kene leh mastani Wetan gumuk Bolodewo pinggir kali Klegung kulone Mushola ne mak dhe Tum.
    Bengi iki prasasat kahanan ing Dusun Krajan tintrim lan nyeyet lan ditambah howo kang atis ning dumadakan kahanan kuwi dibuyarke kang nyulowadi yoiku langit ing sissih kidul dusun Krajan sumulak koyo bang-bang rahino ning suwe suwe kok ono kang bedo amargo wengi iku isih tabuh 22.50 Wik (Wedal iring kilen) dumadakan…………ono suworo wong kang panic lan wedi kanti nyerit…………..kobongannnnnn……………..kobongannnnnnn ………… kobongannnnnnnnnn ……… tambah suwe suworo kiwi podo saut-sautan soko lor kidul wetan lan kulon lan disambung titir kentongan soko cakruk jogo kali sing pratondo titire kudune telu-telu nanging gandeng rak tau ono kedadean kobongan tur yo ditambah gugup dadine suworone wis wis gak karukaruan sing penting muni…………..
    Kahanan wengi kuwi jane miris ake ati awit geni kang gede wis ora biso dikendalik ake untung wae tango teparo magersari soko sing tuwo tekan sing enom podo cancut tali wondo mbudi doyo nyelametake opo sing biso diselametake koyoto dele kang kurang luwih 1 ton lan pekakas-pekakas liyane ning sing luwih penting maneh podo mbudi doyo mateni geni kang murupe makantar-kantar najan kanti alat lan sarono sing sederhana wargo ora tinggal glangang culong playu tetep tangguh lan tangon anggone mateni geni………………
    Suworo wong wadon sin podo nonton malah pating jelerit amargo ora kuat nyawang musibah ugo mesakake karo sing duwe pabrik akeh suworo kang ora pating celoteh karepe arep pambiyantu nangging gandeng kahanan sing podo panik dadi ora biso dadi komando perintah nangging kanti naluri kang linambaran niat kang apik mbiyantu podo tumandang gawe nganggo roso lan tangan podo ulung-ulungan ember kang isine banyu ……gebyar…..gebyur sak kenane papan kang ono genine sitik mboko sitik geni biso lerep lan dadi cilik nanging bangunan pabrik kang nduwur wis entek prasasat gendeng lan reng usuk blandar wis podo kobong dadi areng…..
    Kabar kobongan wis dilaporke dinas kebakaran Kab. Semarang nanging tekone randat ning yo tetep ono gunane kango mateni geni-geni kanga no papan sing duwur lan nyempit. Opo to sebabe mobil unit kebakaran tekone telat ……… amargo ing kota Ambarowo ora ono Hydran banyu PDAM kang mili dadi yo kacau nek dinas utowo istansi wae ora ono koordinasi sing apik dadine mesti wargo kang dadi korban, sinau karo kahanan iki, wargo nyuwun kanti banget mbok podo koordinasi sing apik antarane PDAM lan Dinas Pemadam Kebakaran ugo dinas-dinas kang terkait …………gung panuwun kango poro wargo, Rt, Rw, Pemerintah Deso,Polsek, Koramil, Kecamatan lan Dinas sing ora kasebut sing wis paring pambiyantu kabeh……………………
    Katur ibu Sulimah mugo-mugo kuat lan tanambahan sabar ngadepi musibah iki Gusti ora bakal sare lan lali marang hambone kang gelem noto ati kango manembah lan nyuwun pitulungan………………..

Suro Diro Jayaningrat Lebur Dening Pangastuti

Jack Sawala 


2 komentar:

Nurdin M mengatakan...

Lah.........lah....emang unit pemadam Kab. Semarang di Ambarawa punya armada berapa toh? kok kayanya susah amat ....please pak Bupati itu keluhan warga ditanggapi jangan kalau sudah runyam nati pada cari kambing gemuk.....buat alasan

putro wayah mengatakan...

yo rapopo sanajan deso kang kawulo panggeni ono cobo mugi2 dadi kabecikaan kagem kawulo ingkang saget nampi kabecikaane gusti,..

Posting Komentar

Twitter Delicious Facebook Digg Favorites More