Rabu, 16 November 2011

WARTO SENI KABUDAYAN



WARTO SENI KABUDAYAN “PRAJURITAN”
ING DUSUN DANGKEL DESO BANYUBIRU

Dusun Dangkel salah sawijine dusun sing ono ing Deso Banyubiru sing papane ning lereng Gunung Kelir pereng wetan sak ngisore Dusun Jeruk wangi Deso Wirogomo lan sak nduwure Dusun Jambon Deso Kebondowo, kahanane yen biyen sak durunge tahun 1985  Dusun Dangkel mrehatinake amargo dalan poros  penghubung sing dadi akses mlebu dusun isih dalan setapak, lan Kepala Keluagane gur 15 wektu kuwi dipimpin Bekel / Kadus Wayan Soemarno. Kekerabatane wargo dusun Dangkel luwih cedak ning wargo Jeruk Wangi Deso Wirogomo nangging kemajuan sako erde Baru sitik mboko setitik kemajuan mulai kawiwitan apik kang arupo pembangunandalan mulai diaspal lan kemajuan ing seni kabudayan salah sijine Seni Tari Kaprajuritan / Sorengan sing dipandegani Lik Budiman lan Lik Paino kiro-kiro tahun 1985.   (cct: Lik = Paman)
Lah iki kabar seni Prajuritan utowo Sorengan ing Dusun Dangkel Deso Banyubiru wis suwe gak pernah krunggu amarggo pacen wis ora eksis maneh sak pungkure ditinggal mati Kang Jiyono kiro-kiro tahun 1994, deweke  salah sawijine pemeran Manggolo Yudo Tari Kaprajuritan / Sorengan sing handal  ing wewengkon Kecamatan Banyubiru, nek saiki poro pemain lan simpatisan sing isih eksis generasi enom-enom sing dipandegani Lik Slamet ugo disengkuyung Pak Kadus Sugiyanto sing ora mung tudang-tuding tok nangging isih gelem njoget Sorengan bareng-bareng wargo liyane.
Perlu poro pamirso ngerteni nek jumlah KK ing dusun Dangkel saiki gur 30 KK lah nek sekali main tari kaprajuritan iki  wae butuh pawongan kurang luwih 21 wong  kaperang 10 wong dadi prajurit Mataram sing dipimpin Danang Suto Wijoyo lan 10 wong dadi prajurit Jipang Panolansing dipimpin Aryo Penangsang  ditambah Manggolo Yudo tari siji iki parogo tarine lah ditambah parogo pengrawit 7 dadi jumlah totale 28 wong sak mainan, iso dibayangke to koyo ngopo suasanane kahanan Dusun Dangkel nek mainke sorengan jan gak ono wong sing nganggur kabeh podo kebagian jatah gawean ugo poro ibu-ibu mesti dadi seksi repot neng dapur .
Kito kabeh kudu paring penghargaan sing duwur nek boso kerene angkat topi karo wargo Dusun dangkel sing isih gelem nguri-uri kabudayan iki amargo ora mung udu suku lan bahu nangging tiap main wargo mesti podo urunan gawe ndanani pengeras suara, sewo pakaian, tuku mike up lan gawe ragad mangan, iki sing kudu dadi pengertening poro-poro sing ditugasi Pemerintah sing jare duwe program Ngelestareake kabudayan local kanggo mbendung pengaruh Kabudayan Barat (Eropa), ne king deso wis ono dana sitik dialokasike soko DAUD kanggo pembinaan kesenian-kesenian tradisional.
Lah nek kanco-konco Dusun Dangkel sing sitik wae biso eksis nyengkuyung onone tari Kaprajuritan lah opo maneh kito  sing jare gererasi sing luwih apik SDM me lan duwe penghasilan sing lumayan lan ojo podo gegeden rumongso “Asu gedhe menang kerahe” tapi kasuyatane konco-konco wis biso mawas diri lan mulat saliro hangroso wani ngono kuwi lo kang jare ne poro winasis nek lehku ngomong nyingung sing gedhe sepurone yo.
Yo podho eling lan waspodo mumpung iki kito dielingke marang konco-konco wargo Dusun Dangkel, kanti sesanti “ Suro Diro Jayangningrat Lebur Dening Pangastuti “ lan mugo-mugo kabudayaqn lan seni jowo biso langgeng lan anjayeng ing bawono.

Jack Sawala


1 komentar:

Unknown mengatakan...

Fotone lek camik kok ra ono?

Posting Komentar

Twitter Delicious Facebook Digg Favorites More