Rabu, 30 November 2011

MERTI DUSUN, DUSUN DEMAKAN DESO BANYUBIRU



Merti Dusun utowo Sedekah Dusun wis umum lan jamak dilakoni dening poro wargo ing tlatah Jowo, iku kabeh gawe tetengger angone wargo poho syukur wis diparingi nikmat ugo kaberkahan lan maturnuwun karo Gusti Allah sing wis paring bumi sing subur lan ulu wetu sing apik kanggo poro kadang – kadang petani, nelayan, buruh, usahawan, lan sak panungalane. Dadi nek ono pawangan sik sok omong menowo merti Dusun kuwi sirik lan mboros-mborosi anggaran kuwi ora bener , semono ugo Merti Dusun sing dilampahi dening sedulur-sedulur ing Dusun Demakan Deso Banyubiru, kabeh mau biso kaleksananan amargo soko sengkuyunge wargo agung Dusun Demakan apik sing ono njero dusun otowo sing ono njobo rangkah Dusun Demakan (perantauan), lan luweh-luweh kagem  Ki Samuri sing wis dipatah dadi Tuwo tetuangganing lan sak konnco panitia ugo disengkuyung Pak Bekel/Kadus Mudiyono ugo poro ulamak lan poro sepuh tokoh masyarakat ing Dusun Demakan.

Kabeh biso guyup sak eko kapti anggone mujudake khajat merti Dusun kuwi masyarakat sing ono njero Dusun  podo urunan sing sesuai karo kemampuane ugo sedulur-sedulur sing duwe sawah ing tlatah Dusun Demakan podo ditariki iuran lan konco-konco ing perantauan khususe ing Jakarta podo melu nyengkuyung najan ora iso kiprah langsung nangin melu cawe-cawe urun ragad kang akeh, mugo-mugo tulisan iki biso dadi obat kangen lan paring warto tetep ngeraket ake leh podo seduluran.

Rantamane adi coro merti dusun diwiwiti kanti berkatan bareng-bareng kang ing dino Sabtu tanggal 26 Nopember 2011 jam 07.00 Wib, wargo Dusun Demakan Tumplek blek lanang wadon podo berkatan bareng dedongo lan caos roso syukur ing ngerasi Gusti Allah lan diterus ake mbengine kebeneran pas malem siji Asuro (Suro) diujupi  wayangan sedalu natak kanti dalang Ki Sutarko dalang kondang soko Purworejo lank anti lakon Sesaji Rojo Sunyo, mbengi kuwi Ki dalang mbabar seserepan kanggo kito kabeh menowo kabek Sih lan Rahmating Gusti ugo kamulyan kang diparingke kudu kito syukuri kabeh mau jumbuh karo kang dilakoni dening poro sedulur-sedulur Dusun Demakan, ugo ing lakon mau ngemu pituduh utowo pitedah yen angkoro murko kuwi bakal kabrantas dening kabecikan ugo wong kang sabar lan temen sing podo nengen ake kabecikan bakal antuk nugrahaning Gusti Allah.

Mengkuno mau kang dibabar dining Ki dalang Sutarko kang wektu iki wis diwastani empune dalang sak Nuswantoro amargo soko kepinterane biso nguwasani 8 boso asing lan ugo wis pono wis pamawas ing jagadte perwayangan, sing kudu kito biso jukuk kanggo awake dewe kabeh yaiku semangat lan sengkuyunge wargo Dusun Demakan sing kapindo hikmah lan inti sarine lakon sing wis kababar dining Ki dalang, kabeh mau mugo-mugo biso dadi patuladan anggone kito kudu tetep ngelestarikake kabudayan jowo sing adi luhung sing wargo monco negoro wae podo kayuyun podo ngudi lah koh kiti sing duwe podo meneng wae lah nek ono wargo monco negoro ngakoni kiti kabeh gek podo binggung luwih-luwih Pemerintah gek podo obah ning wis kasep.

Atur ponuwun dening poro wargo masyarakatb sing wis podo sengkuyung, Bopo Camat,Bopo Kepala Desa, Ibu Pomong Budaya Kec. Banyubiru, sedulur-sedulur wargo Demakan ing Jakarta lan poro-poro sing wis paring pambiyantu.



Suro Diro Jayaningrat Lebur Dening Pangastuti

Jack Sawala

1 komentar:

Mas Nur mengatakan...

mas jack ada video wayangan merti dsn demakan tidak? tolong kalau ada yang di Jakarta dikirimi ya sampaikan pada panitia merti dusun Demakan

Posting Komentar

Twitter Delicious Facebook Digg Favorites More