Rabu, 23 November 2011

Kampret Pesut : OBROLAN CAH PINGGIR KALI


 "SAWAH NANDUR PETANI"

Ing tlatah Deso Banyubiru ono pangonan sing nyelumpit tur eng pinggir kali Klegung, 50% wargane urip ing djagate seni lan 50% maneh kerjo ning djagat Pertambangan, ning keloro-lorone djagat mau urupe isih sengsoro wong sing djagat seni uripe yo mung buruh seni, kuwi main wae nek ono sambatan pentas lah nek Pertambangan wong kuwi cumak gepuk watu jadi yo podo susahe.

Nanging ing kono pikirane podo maju-maju amargo seneng srawung lan noton acara Tv sing isine podo padu ing program-program Tv Swasta lan TVRI, lah iki podo ditiru karo kang Kampret lan Pesut sing uripe mbiyen lahir lan gedene ning tobong ketoprak sing sok podo debat adu kepinteran lan argumentasi yang kadang mesti akeh ngawure wong kelorone pendidikane mung sak cukup, iki loh obrolane :

Kampret :
”Sut neng Deso Banyubiru jare Pemerintah penyanggah beras lan akeh tanah sing  wastani sabuk  sawah lestari aku ki gak paham je karep piye yo?.”

Pesut :
”Lah kuwi pancen Pemerintah nyawang nek Banyubiru sak kiwo-tengene kuwi lak keno diwastani bumi kang loh utowo subur mulane yo pancen wis trep nek ditetepke dadi kawasan penyanggah pangan lan dadi kawasan sawah lerstari ben ketahanan pangane kuat, ngono lo kang”

Kampret :
“Lah banyur opo to keuntungane dadi sawah lestari kanggone poro petani sut?”

Pesut :
” Lah nek kuwi kan wis jelas kadang-kadang petani biso tetep lan lestantun leh podo makaryo dadi petani.”

Kampret :
” Oh dadi mung deder kere lesrati toh Sut?.

Pesut : 
“Maksudmu piye to kang ojo mung waton omong lo nek omong nganggo waton”.

Kampret :
”Lah piye dadi kawasan penyanggah pangan tapi nek sing dadi penerus petani wae wis susah contone generasi petani tuwo garek Mbah Tris, Pak Haryanto, Pak Panut, Mbah Pardi lan liyane sing sisane iso dieting nganggo deriji tangan, wong golek pawongan sing tandur lan matun wae siki wis susah tak kiro ing tlatah njobo Banyubiru yo podo wae to Sut !”.

Pesut :
”Lah saiki kan wis ono tehknologi to kang , koyo to traktor, lan penggunaan obat-obatan sing aman lan manjur”.

Kampret :
”Kuwi wis gak njamin to Sut, wong nek generasine penerus gak ono kan yo mengkone sawahe podo bero, sing dadi pemikiran kudune piye sing podo kawegan kuwi podo mikir murih pengahasilane petani podo mulyo dadi generasi enom ki podo ketarik dadi petani”

Pesut :
”lah nek tekan kuwi aku ora paham to kang wong aku wae ora pati dong karo program Ketahanan pangan sing sak mestine,  wong konco-konco petugas pertanian wae petani-petani ora podo kenal, ngene wae kang mengko podo takon lan usul neng Pemerintah lan DPR ning sing alus gawe surat lan omong-omong sing apik.

Kampret :
”Lah yo apik ngono kuwi yo Sut, Ning piye yo awake dewe meh usul koro Pemerintah Lan DPR ….. wong awak e dewe gak duwe sawah lan tegalan’.

Pesut  :
”He he he kang nek podo ngomong sing ati-ati mengko ndak saling surup wong awake dewe ki lak duwe ne mung sawah contong alias tutuk tok dudu petani toh”.

Kampret  
 :”Iyo yo Sut, wong nek gak ono tanggapan awake dewe gak duwe duit, tapi minimal awake dewe wis melok mikir lan paring masukan karo konco-konco sing podo kumpul kumpul iki to Sut”.

Kuwi mau obrolane kadang-kadang sing ono ing pinggir kali Klegung najan mung guyon maton mesti ono sing becik lan mugo-mugo manfaat tapi nek ono sing nyinggung sepurone wae sing gedhe.
Suro Diro Jayaningrat Lebur Dening Pangastuti

Jack Sawala

1 komentar:

Anik mengatakan...

Sut yen gawe artikel ojo gawe mangkele sing moco

Posting Komentar

Twitter Delicious Facebook Digg Favorites More