Sugeng Rawuh di Banyubiru Bumi Perdikan

Website ini diperuntukkan untuk untaian do'a para pendiri Banyubiru dan Masyarakat Banyubiru pada umumnya.

Semoga dengan adanya website ini masyarakat bisa mengakses informasi dan juga megetahui perkembangan Desa Banyubiru serta menambah kecintaan Bumi Perdikan

Rabu, 30 November 2011

MERTI DUSUN, DUSUN DEMAKAN DESO BANYUBIRU



Merti Dusun utowo Sedekah Dusun wis umum lan jamak dilakoni dening poro wargo ing tlatah Jowo, iku kabeh gawe tetengger angone wargo poho syukur wis diparingi nikmat ugo kaberkahan lan maturnuwun karo Gusti Allah sing wis paring bumi sing subur lan ulu wetu sing apik kanggo poro kadang – kadang petani, nelayan, buruh, usahawan, lan sak panungalane. Dadi nek ono pawangan sik sok omong menowo merti Dusun kuwi sirik lan mboros-mborosi anggaran kuwi ora bener , semono ugo Merti Dusun sing dilampahi dening sedulur-sedulur ing Dusun Demakan Deso Banyubiru, kabeh mau biso kaleksananan amargo soko sengkuyunge wargo agung Dusun Demakan apik sing ono njero dusun otowo sing ono njobo rangkah Dusun Demakan (perantauan), lan luweh-luweh kagem  Ki Samuri sing wis dipatah dadi Tuwo tetuangganing lan sak konnco panitia ugo disengkuyung Pak Bekel/Kadus Mudiyono ugo poro ulamak lan poro sepuh tokoh masyarakat ing Dusun Demakan.

Kabeh biso guyup sak eko kapti anggone mujudake khajat merti Dusun kuwi masyarakat sing ono njero Dusun  podo urunan sing sesuai karo kemampuane ugo sedulur-sedulur sing duwe sawah ing tlatah Dusun Demakan podo ditariki iuran lan konco-konco ing perantauan khususe ing Jakarta podo melu nyengkuyung najan ora iso kiprah langsung nangin melu cawe-cawe urun ragad kang akeh, mugo-mugo tulisan iki biso dadi obat kangen lan paring warto tetep ngeraket ake leh podo seduluran.

Rantamane adi coro merti dusun diwiwiti kanti berkatan bareng-bareng kang ing dino Sabtu tanggal 26 Nopember 2011 jam 07.00 Wib, wargo Dusun Demakan Tumplek blek lanang wadon podo berkatan bareng dedongo lan caos roso syukur ing ngerasi Gusti Allah lan diterus ake mbengine kebeneran pas malem siji Asuro (Suro) diujupi  wayangan sedalu natak kanti dalang Ki Sutarko dalang kondang soko Purworejo lank anti lakon Sesaji Rojo Sunyo, mbengi kuwi Ki dalang mbabar seserepan kanggo kito kabeh menowo kabek Sih lan Rahmating Gusti ugo kamulyan kang diparingke kudu kito syukuri kabeh mau jumbuh karo kang dilakoni dening poro sedulur-sedulur Dusun Demakan, ugo ing lakon mau ngemu pituduh utowo pitedah yen angkoro murko kuwi bakal kabrantas dening kabecikan ugo wong kang sabar lan temen sing podo nengen ake kabecikan bakal antuk nugrahaning Gusti Allah.

Mengkuno mau kang dibabar dining Ki dalang Sutarko kang wektu iki wis diwastani empune dalang sak Nuswantoro amargo soko kepinterane biso nguwasani 8 boso asing lan ugo wis pono wis pamawas ing jagadte perwayangan, sing kudu kito biso jukuk kanggo awake dewe kabeh yaiku semangat lan sengkuyunge wargo Dusun Demakan sing kapindo hikmah lan inti sarine lakon sing wis kababar dining Ki dalang, kabeh mau mugo-mugo biso dadi patuladan anggone kito kudu tetep ngelestarikake kabudayan jowo sing adi luhung sing wargo monco negoro wae podo kayuyun podo ngudi lah koh kiti sing duwe podo meneng wae lah nek ono wargo monco negoro ngakoni kiti kabeh gek podo binggung luwih-luwih Pemerintah gek podo obah ning wis kasep.

Atur ponuwun dening poro wargo masyarakatb sing wis podo sengkuyung, Bopo Camat,Bopo Kepala Desa, Ibu Pomong Budaya Kec. Banyubiru, sedulur-sedulur wargo Demakan ing Jakarta lan poro-poro sing wis paring pambiyantu.



Suro Diro Jayaningrat Lebur Dening Pangastuti

Jack Sawala

Senin, 28 November 2011

WISATA RAWA PENING


Taman Wisata Rawa Pening terdapat di daerah Kecamatan Banyubiru, Kabupaten Semarang. Rawa Pening terbilang objek wisata yang masih perawan. Udaranya sejuk, tidak terlalu ramai dan relatif masih bebas polusi. Hal ini dapat dimaklumi, mengingat lokasinya berada di kaki Gunung Ungaran, dengan ketinggian 900 meter di atas permukaan laut.

Rawa Pening yang luasnya sekitar 2.670 hektar ini terletak di sisi jalan yang menghubungkan Bawen dan Salatiga. Rawa Pening yang sangat indah ini menurut cerita legenda berasal dari muntahan air bah dari bekas cabutan lidi Baru Klinting. Tempat wisata ini mudah dijangkau dengan angkutan umum maupun pribadi. Keindahannya yang mempesona, bukan hanya terlatak pada airnya yang bening dan sejuk, tapi masih banyak lagi dan bakal terus menarik perhatian Anda. Terdapat taman rekreasi yang indah, berhawa amat sejuk yang berada di atas sebuah bukit di tepi danau.

Waduk alam itu kini mempunyai beberapa area wisata, seperti Tlogo, Lopait, Bukit Cinta, Muncul dan Asinan. Loket Rawa Pening sudah mulai dibuka pukul 8.30 sampai 21.00. Pada pagi haripun Anda dapat berekreasi bersama keluarga di sini, karena telah disediakan taman yang asri di areal wisata tersebut sehingga sangat cocok untuk rekreasi bersama keluarga selain menikmati keindahan danaunya.
Kalau belum cukup, jelajahi hamparan air Rawa Pening dengan menggunakan perahu. Anda bisa berkeliling danau dan melihat dari dekat banyaknya hamparan Enceng Gondok(Eichornia Crassipes) dan kehidupan nelayan di Rawa Pening tersebut. Untuk menyewa perahu dengan kapasitas 10 sampai 15 orang ini anda dapat menyewanya seharga Rp 25.000/jam. Jadi apabila Anda sendirian atau rombongan Anda masih kurang dari 10, untuk hematnya lebih baik Anda menunggu orang lagi yang sama-sama ingin menaiki perahu tersebut.Dan lebih asik algi sambil memancing ikan tawar yang banyak daan bermacam-macam ekosistemnya.
Anda tidak usah kuatir akan kelaparan di kawasan Rawa Pening ini. Pasalnya, banyak restoran tersebar di daerah Tuntang ataupun Lopait. Kebanyakan dilengkapi dengan fasilitas kolam renang, gardu pandang, tempat permainan anak dan lain-lain. Bahkan ketika malam hari banyak orang yang datang ke wisata Rawa Pening untuk menikmati sajian ikan bakar. Di areal luar taman banyak terdapat kedai dan rumah makan tradisional yang pada umumnya menyediakan menu ikan gurami bakar.

Kalau Anda merasa sayang dan enggan untuk menikmati semua keindahan disini hanya dalam sekejap, Anda bisa memilih tempat peristirahatan yang bertebaran di sana. Terdapat banyak villa, losmen, wisma, bungalow, pesanggrahan dan hotel. Bahkan beberapa di antara hotel-hotel itu sudah memiliki fasilitas untuk berbagai keperluan seperti konvensi, seminar, rapat, lokakarya dan penataran. Anda punya begitu banyak pilihan yang dapat disesuaikan dengan kebutuhan Anda.

Kalau ingin melemaskan otot-otot, juga bisa mencoba pijat di panti-panti pijat yang tersebar mengisi hampir seluruh kawasan Rawa Pening. Tetapi yang paling penting dan yang tidak pernah ketinggalan dari lokasi wisata manapun, di sini juga terdapat pasar yang menjajakan hasil-hasil bumi khas daerah seperti buah dan sayuran segar yang sangat cocok buat oleh-oleh.

Bagi anda yang hobi fotografi, Rawa Pening adalah surga Anda. Keindahan di rawa ini sangatlah unik, terutama di pagi hari pada saat sunrise. Sangat disarankan Anda datang kesini sejak jam 5.00 pagi pada saat sunrise. Dengan menunggu di dermaga tepi danau, Anda dapat memotret keindahan panorama Rawa Pening dari awal-awal terbitnya matahari. Konon suasana pagi di sini sangat misterius dan mistis, begitu indah untuk diabadikan lewat sebuah kamera.

Menjelang pagi anda dapat melanjutkan hunting kegiatan foto Anda dengan menaiki kapal yang disewakan di dermaga. Pada saat pagi seperti ini, para nelayan disana sedang aktif menjala dan mencari ikan di danau yang banyak terdapat eceng gondok tersebut. Anda dapat menjadikannya salah satu objek foto yang menawan. Rawa Pening ini sangatlah luas sehingga seringkali waktu mengambil gambar, Anda akan merasa lupa waktu bahkan mungkin tidak akan terasa kalau matahari sudah bersinar tepat di atas. Tunggu apa lagi, siapkan kamera Anda dan berburulah view yang terbaik dari Rawa Pening !

 Suro Diro Jayaningrat Lebur Dening Pangastuti
-- Pezut --

Kamis, 24 November 2011

MASA MUDANE KALI KLEGUNG

Kulonuwun lur sedulur kabeh ono ing Banyubiru .....
Aku tak flesbek masa lalu yo lur …
Jaman mbiyen … dek aku gendeng karo Darsinah kenyo ayu soko tlatah tawang … aku sik kelingan banget e … jian … wong e ayu tur manis … nek ngguyu sak rai dekok kabeh ora mung pipine …Lah ewo semono urung usum hendpun … Urung ono sms barang, dadi nek aku arep “yangyangan” nulis sms nek kertas trus tak balangke si Darsinah keno ndas e trus diwoco … Darsinah yo ngunu nulis sms nek kertas trus balangke ndasku tapi dibandoli watu … dadi nek keno aku klenger disik lagi tak woco sms kertas e ….

Singket cerita … aku mbiyen nek “yangyangan” karo Ayank Darsinah ki nek Kali Sekip alias Kali Klegung, wuih biyen ki Kali Sekip “endah maneko warno” tenan lur … banyune bening, iwak e wakder karo uceng do wira-wiri nginceng aku karo Darsinah le “yangyangan”. Tapi saiki Kali Sekip ki njijiki tenan ox …. Opo mergo umur e wis tuo yo lur ….

Mbiyen ki Kali Sekip jian koyo kaline suargo tenan kui … tapi saiki deloken toh …. banyune ireng, mambu, tur wis ora ono iwak wira-wiri. Aku kelingan banget jaman semono Darsinah tau ngelem aku ngene lur “Mas Mun, wajahmu bagus koyo endahing kali iki mas …. matamu eh mripatmu bening koyo banyu sik mili ono ing kali Sekip iki … aku tresno kowe Mas Mun”. Lo ngunu lo lur …. Ayank Darsinah ki nek ngelem aku we dipadakkan karo endahing kali Sekip, tapi saiki jajal …. Dulur-dulur ngejak o pacare trus “yangyangan” nek kali Sekip, mesti pacarmu ngelem dulur-dulur podo karo Darsinah “Mas, wajahmu bagus koyo endahing kali iki mas …. mripatmu bening koyo banyu sik mili ono ing kali Sekip iki … aku tresno kowe Mas” wakakakakak …. mesti dulur ngamuk pacare …. Lah ora ngamuk piye moso wajah e dulur di padakkan karo kali Sekip sik saiki njijiki … wakakakakakak … mripati koyo banyu kali Sekip … huwakakakakaakaka … butek, reget, kumuh tur mambu.

Ngunu lur …. lah diriku yo bertanya-tanya, ngopo kok banyune kali Klegung alias kali Sekip sik disik resik saiki dadi reget lan kumuh.
Limbah ! … he em lur … kabeh mau polah e soko limbah.
Limbah opo ? limbah pabrik tahu ono ing lingkungan RT 07 Banyubiru Krajan, kae lo lur cedak Makam Selantjeng.

Pak RT 07 Bapak Rohmadi tau ngomong karo aku ngene lur “Mas Mun, urip nek lingkungan kene ki saiki ora nyaman, saben-saben mesti ambune banger koyo entut dewo sing sue hura BAB, lingkungane yo ketok ora resik maneh, warga do mengeluh isin karo lingkungane dw Mas”

Mesak e yo lur ….
Hidup di lingkungan sik setiap hari dadi tempat kanggo berteduh, kanggo nyambung urip karo keluargane dadi ora nyaman. Pak RT 07 karo sik dadi pengadek e lingkungan RT 07 yo wis ngupokoro piye carane ben limbah kui bisa teratasi. Tapi kayane sampe detik iki hura ono perubahan lur …. Mulai soko lapor nek Kelurahan babagan limbah mau nganti dengan cara kekeluargaan yo tetep hura rampung. Mbuh nek saiki ….

Ngene iki selain tugas warga lingkungan RT 07 khusus e lan kita bersama pada umume, yo tidak lepas dari perhatian lan peran “Pejabat-pejabat sik do nek nduwur” alias Bapak-bapak Pejabat Pemerintahan Kec. Banyubiru lur … “Lah kok iso Mas Mun?”. Yo iso lur …. Soale limbah mau dampak e ora mung kanggo lingkungan RT 07 utowo sekitar e tok, tapi limbah mau ki yo tekan daerah-daerah utowo deso-deso sik dialiri karo kali Klegung mau lur … koyoto Tawang Rejo, Ngendo lan Ngogak.

Yo wis ngunu yo lur … mugo-mugo Bapak-bapak Pejabat do reti karo kahanan seluruh warga masyarakat Banyubiru. Ben le dadi Pejabat kui berkah, netepi opo sik dadi kewajiban e kanggo ngayomi wargane. Tapi aku yakin kok lur …. Pemerintahan Banyubiru saiki wis mulai dibenahi kanthi berlandaskan aturan-aturan sik bener. Pejabat Pemerintah Banyubiru saiki ki yo sregep-sregep ora ono sik mangkat awan nek kantor lan cekatan lur …. Wakakakakakakk … ngelem … ben diangkat dadi aparat desa po aku ki ….. wakakakakakakakakak ….

Wis ah … ngunu sik lur … disambung meneh sesuk … mugo-mugo tulisan iki bisa merubah suasana desa kita ben tambah nyaman, tentrem, ayem, gemah ripah loh jinawi yo lur … Amin.

 Suro Diro Jayaningrat Lebur Dening Pangastuti
-- Pezut --

Rabu, 23 November 2011

Kampret Pesut : OBROLAN CAH PINGGIR KALI


 "SAWAH NANDUR PETANI"

Ing tlatah Deso Banyubiru ono pangonan sing nyelumpit tur eng pinggir kali Klegung, 50% wargane urip ing djagate seni lan 50% maneh kerjo ning djagat Pertambangan, ning keloro-lorone djagat mau urupe isih sengsoro wong sing djagat seni uripe yo mung buruh seni, kuwi main wae nek ono sambatan pentas lah nek Pertambangan wong kuwi cumak gepuk watu jadi yo podo susahe.

Nanging ing kono pikirane podo maju-maju amargo seneng srawung lan noton acara Tv sing isine podo padu ing program-program Tv Swasta lan TVRI, lah iki podo ditiru karo kang Kampret lan Pesut sing uripe mbiyen lahir lan gedene ning tobong ketoprak sing sok podo debat adu kepinteran lan argumentasi yang kadang mesti akeh ngawure wong kelorone pendidikane mung sak cukup, iki loh obrolane :

Kampret :
”Sut neng Deso Banyubiru jare Pemerintah penyanggah beras lan akeh tanah sing  wastani sabuk  sawah lestari aku ki gak paham je karep piye yo?.”

Pesut :
”Lah kuwi pancen Pemerintah nyawang nek Banyubiru sak kiwo-tengene kuwi lak keno diwastani bumi kang loh utowo subur mulane yo pancen wis trep nek ditetepke dadi kawasan penyanggah pangan lan dadi kawasan sawah lerstari ben ketahanan pangane kuat, ngono lo kang”

Kampret :
“Lah banyur opo to keuntungane dadi sawah lestari kanggone poro petani sut?”

Pesut :
” Lah nek kuwi kan wis jelas kadang-kadang petani biso tetep lan lestantun leh podo makaryo dadi petani.”

Kampret :
” Oh dadi mung deder kere lesrati toh Sut?.

Pesut : 
“Maksudmu piye to kang ojo mung waton omong lo nek omong nganggo waton”.

Kampret :
”Lah piye dadi kawasan penyanggah pangan tapi nek sing dadi penerus petani wae wis susah contone generasi petani tuwo garek Mbah Tris, Pak Haryanto, Pak Panut, Mbah Pardi lan liyane sing sisane iso dieting nganggo deriji tangan, wong golek pawongan sing tandur lan matun wae siki wis susah tak kiro ing tlatah njobo Banyubiru yo podo wae to Sut !”.

Pesut :
”Lah saiki kan wis ono tehknologi to kang , koyo to traktor, lan penggunaan obat-obatan sing aman lan manjur”.

Kampret :
”Kuwi wis gak njamin to Sut, wong nek generasine penerus gak ono kan yo mengkone sawahe podo bero, sing dadi pemikiran kudune piye sing podo kawegan kuwi podo mikir murih pengahasilane petani podo mulyo dadi generasi enom ki podo ketarik dadi petani”

Pesut :
”lah nek tekan kuwi aku ora paham to kang wong aku wae ora pati dong karo program Ketahanan pangan sing sak mestine,  wong konco-konco petugas pertanian wae petani-petani ora podo kenal, ngene wae kang mengko podo takon lan usul neng Pemerintah lan DPR ning sing alus gawe surat lan omong-omong sing apik.

Kampret :
”Lah yo apik ngono kuwi yo Sut, Ning piye yo awake dewe meh usul koro Pemerintah Lan DPR ….. wong awak e dewe gak duwe sawah lan tegalan’.

Pesut  :
”He he he kang nek podo ngomong sing ati-ati mengko ndak saling surup wong awake dewe ki lak duwe ne mung sawah contong alias tutuk tok dudu petani toh”.

Kampret  
 :”Iyo yo Sut, wong nek gak ono tanggapan awake dewe gak duwe duit, tapi minimal awake dewe wis melok mikir lan paring masukan karo konco-konco sing podo kumpul kumpul iki to Sut”.

Kuwi mau obrolane kadang-kadang sing ono ing pinggir kali Klegung najan mung guyon maton mesti ono sing becik lan mugo-mugo manfaat tapi nek ono sing nyinggung sepurone wae sing gedhe.
Suro Diro Jayaningrat Lebur Dening Pangastuti

Jack Sawala

Selasa, 22 November 2011

MATI SUSAH URIP REKOSO SENI DRAMA KETOPRAK KRIDHA RARAS BANYUBIRU


Suwe kabarmu wis ora keprunggu ing jagate seni budaya ing tlatah Banyubiru lan sak kiwo tengene   luweh-luweh ing Kabupaten Semarang, prasat koyo uripe lilin he he ... ojo binggung yo kang maksudte urip ibarat koyo lilin kui ... murup e saben listrik PLN mati .. semono ugo seni drama ketoprak Kridha Raras iki uripe nek ono sambatan anggotane alias gak podo bayaran keporo malah tombok he he he …. wong nek tanggapan malah wis jarang, kadang anggotane podo mbarang melok ketoprak ing tobong-tobong liyane, ono ceritone sing kadang memelas anggota-anggotane kanti perorangan sok disambati karo poro pejabat malah kadang dadi duto seni makili Dinas / Instani tapi malah tombok gawe sanggune tapi poro paroggo seni gak pernah sambat karo poro-poro sing kaweggan amargo yo percumah.
 
            
Iku mau mung gambaran uripe sebagian kanco-konco pelaku seni ketoprak Kridha Raras tapi iku kabeh bedo gek jaman keemasane kiro-kiro tahun 1987 tekan 1993 prasasat kabeh biso nyawang gebyare ketoprak ini luwih-luwih ing tlatah Banyubiru munggahe ing tlatah Kab. Semarang kerep banget makili dinas /instansi Pemerintahan ugo shuting ing TVRI Yogyakarta (jaman kuwi shoting ing TV wis jan dadi agul-agul cerito loh kang), gambaran sitik wektu iku Ketoprak Kridha Raras di sepuhui dening Ki Sutrisno lan disuhi dening Ki F. Kuswo lan duwe sutradara sing handal Ki Agus Suroyo (Indrajid) almarhum, ugo assisten sutradara Ki Asmui.
            
Lah kuwi kabeh gambaran kang biso dicerito gek jaman sekawit, lah nek saiki jan wis susah banget meh ngumpulke balung seni sing wis mocar-macir, gek wingi 19 Nop 2011 pak Toyok duwe perlu nikahke anake kanti ditanggapke sambatan ketoprakan we konco-konco seni kridha Raras wis angel kumpul padahal polah ubete Ki F. Kuswo lan Ki Asmui wis gak koyo-koyo ning yo syukur Alkamdulillah najan sitik konco-konco isih biso mainke pentas ketoprakan najan sing ngrawit (wiyogo) cumprang campring ning tetep pentas kanti lakon “Sabuk Janur Kuning” lakon iki ngambareke pelaku seni Tayub ing tlatah Kabupaten Pati gek Jaman paras transisi antarane jaman Mojopahit neng Islam Kraton Demak, sing njaluk perlindungan anane seni Tayub amarggo wektu iku karo poro Pujonggo lan ulamak ditentang amarggo akeh kedadean sing gak apik saben ono pentas Tayub awit soko iku poro pelaku seni tayub sing dipandeggani Rondo Randu Kuning….. 


 Cerito iki kabeh mung gawe sanepo jane poro pelaku seni apik sing ono organisasi Kridha Raras lan ing organisasi seni liyane kepinggin gugat karo Pemerintah lan poro-poro sing diparinggi sampur kudu mbina, ngelindungi tapi kayatane kabeh tugas lan amanat mono gur sekedar nyukupi kebutuhan poro petugas/pegawai gawe laporan, ora dipermati piye ben konco-konco seni iki biso urip layak kanti penghasilan soko jagadte seni padahal seni ketoprak iki biso dadi sarono penyuluhan lan sosialisani sing efektif kanggo nyampekno program Pemerintah ojo mung nek kampaye we prasasat konco-konco seni podo dadi jurkam lewat pentas seni ning nek bar podo keleleran poro-poro sing dibantu nek wis dadi priyo gung podo lali malah-malah duwe dana we gak gelem mbantu kanggo nyambung napas urip mlakune seni budaya local iki…….

            Nyuwun sepuro yo kang nek leh gawe artikel iki kurang apik amarggo akeh ngudoroso ngrasani poro-poro lah mugo-mugo biso kegugah lan ugo masyarakat iso melu nguri-uri kabudayan iki bareng kito sengkuyung, ngendikane Ki F. Kuswo: ”pelaku seni Kridha Raras ini gak perlu penghargaan sing duwur soko Pemerintah cumak perlu penggakuan we cukup,” lah nek ngendikane Ki Asmui :” seni budaya ketoprak iki biso dadi media belajar ungah unguh, sopan santun poro generasi mudo jadi wis dadi mestine nek Pemerintah melu cawe-cawe ngeragati mlakune organisasi seni", lah bedo menek karo ngendikane Ki Sutrisno: ”pelaku seni sing wisp enter lan kondang ojo ngakali pelaku seni sing cikik lan Poro pejabat Bupati, DPR sing wis tahu ngunake jasane pelaku seni gek jaman kampanye ojo tingal glangang tinggal playu”, he he akeh pengarep-arep soko sing disepuhke tapi ugo ono panyuwun sing dingendikake poro pelaku seni mudo koyo to Supri Kampret:”nek iso seni ketoprak iki podo ditularke koro generasi muda".


            Akeh kekarepan lan kabeh mau mung gawe apike seni budaya dadi nek ono sing rumangso kesinggung lan kurang sarujuk yo podo ngeraket ake langkah lan madake pandangan bareng-bareng apik sing soko organisasi seni, pelaku seni, Dewan seni, Pemerintah lan partisipan seni bareng ndandani program lan gawe program anyar sing biso berpihak ning konco-konco pelaku seni local.

Suro Diro Jaya Ningrat Lebur Dining Pangastuti.
Banyubiru, 21 Nopember 2011

Jack Sawala - Pesut




Rabu, 16 November 2011

WARTO SENI KABUDAYAN



WARTO SENI KABUDAYAN “PRAJURITAN”
ING DUSUN DANGKEL DESO BANYUBIRU

Dusun Dangkel salah sawijine dusun sing ono ing Deso Banyubiru sing papane ning lereng Gunung Kelir pereng wetan sak ngisore Dusun Jeruk wangi Deso Wirogomo lan sak nduwure Dusun Jambon Deso Kebondowo, kahanane yen biyen sak durunge tahun 1985  Dusun Dangkel mrehatinake amargo dalan poros  penghubung sing dadi akses mlebu dusun isih dalan setapak, lan Kepala Keluagane gur 15 wektu kuwi dipimpin Bekel / Kadus Wayan Soemarno. Kekerabatane wargo dusun Dangkel luwih cedak ning wargo Jeruk Wangi Deso Wirogomo nangging kemajuan sako erde Baru sitik mboko setitik kemajuan mulai kawiwitan apik kang arupo pembangunandalan mulai diaspal lan kemajuan ing seni kabudayan salah sijine Seni Tari Kaprajuritan / Sorengan sing dipandegani Lik Budiman lan Lik Paino kiro-kiro tahun 1985.   (cct: Lik = Paman)
Lah iki kabar seni Prajuritan utowo Sorengan ing Dusun Dangkel Deso Banyubiru wis suwe gak pernah krunggu amarggo pacen wis ora eksis maneh sak pungkure ditinggal mati Kang Jiyono kiro-kiro tahun 1994, deweke  salah sawijine pemeran Manggolo Yudo Tari Kaprajuritan / Sorengan sing handal  ing wewengkon Kecamatan Banyubiru, nek saiki poro pemain lan simpatisan sing isih eksis generasi enom-enom sing dipandegani Lik Slamet ugo disengkuyung Pak Kadus Sugiyanto sing ora mung tudang-tuding tok nangging isih gelem njoget Sorengan bareng-bareng wargo liyane.
Perlu poro pamirso ngerteni nek jumlah KK ing dusun Dangkel saiki gur 30 KK lah nek sekali main tari kaprajuritan iki  wae butuh pawongan kurang luwih 21 wong  kaperang 10 wong dadi prajurit Mataram sing dipimpin Danang Suto Wijoyo lan 10 wong dadi prajurit Jipang Panolansing dipimpin Aryo Penangsang  ditambah Manggolo Yudo tari siji iki parogo tarine lah ditambah parogo pengrawit 7 dadi jumlah totale 28 wong sak mainan, iso dibayangke to koyo ngopo suasanane kahanan Dusun Dangkel nek mainke sorengan jan gak ono wong sing nganggur kabeh podo kebagian jatah gawean ugo poro ibu-ibu mesti dadi seksi repot neng dapur .
Kito kabeh kudu paring penghargaan sing duwur nek boso kerene angkat topi karo wargo Dusun dangkel sing isih gelem nguri-uri kabudayan iki amargo ora mung udu suku lan bahu nangging tiap main wargo mesti podo urunan gawe ndanani pengeras suara, sewo pakaian, tuku mike up lan gawe ragad mangan, iki sing kudu dadi pengertening poro-poro sing ditugasi Pemerintah sing jare duwe program Ngelestareake kabudayan local kanggo mbendung pengaruh Kabudayan Barat (Eropa), ne king deso wis ono dana sitik dialokasike soko DAUD kanggo pembinaan kesenian-kesenian tradisional.
Lah nek kanco-konco Dusun Dangkel sing sitik wae biso eksis nyengkuyung onone tari Kaprajuritan lah opo maneh kito  sing jare gererasi sing luwih apik SDM me lan duwe penghasilan sing lumayan lan ojo podo gegeden rumongso “Asu gedhe menang kerahe” tapi kasuyatane konco-konco wis biso mawas diri lan mulat saliro hangroso wani ngono kuwi lo kang jare ne poro winasis nek lehku ngomong nyingung sing gedhe sepurone yo.
Yo podho eling lan waspodo mumpung iki kito dielingke marang konco-konco wargo Dusun Dangkel, kanti sesanti “ Suro Diro Jayangningrat Lebur Dening Pangastuti “ lan mugo-mugo kabudayaqn lan seni jowo biso langgeng lan anjayeng ing bawono.

Jack Sawala


Selasa, 08 November 2011

KABAR RIYOYO QURBAN ING NDESO PERDIKAN BANYUBIRU 2011

KABAR RIYOYO QURBAN ING NDESO PERDIKAN BANYUBIRU 2011

Katur kabar Bodo Qurban 

Bodo qurban ing tahun 2011 iki ing Dusun Krajan Deso Banyubiru dipusatke ing Masjid Baitul Izzah jan gayen amargo ono 5 sapi lan 5 wedus soko wargo Krajan sing podo weweh qurban ing tahun 2011 sing disebelih, kanti dipanitiani sing dipandegani dening Pak dr.H.M. Pratikyo nek jaman biyen priyayine sing gaweane anggon kebo tur mesti ngowo buku (kutu buku) nek biyen anggon kebo saiki anggon umat he he jaman wis maju yo Kang……… ugo di sengkuyung ketua Takmir Masjid Baitul Izzah Pak H. Sri Hartono Rismanto, S.P.d.nek biyen priyayine luweh dikenal kanti sesebutan Kenang Londo ugo biyen gaweane anggon kebo saiki wis gelem anggon umat lan ugo disengkuyung poro sepuh sing diempuke Pak Nurhadi Dimyati (Modin) priyayine sing biyen seneng main ketoprak lan ugo Pak Slamet Riyadi priyayi iki putrane mbah kiyai Takril (alm) lan Kiyai Asrop soko tlatah Jeporo sory kang …..nek info priyayi iki gak duwe blass (penulise kuper tur katrok ndeso).

Lah ne king barisan bolo kurowo sing pragad akeh cung koyo toh :
  1. Mas Slamet Suherman priyayi iki putrane Mbah Kiyai Muhtar Hambali luweh dikenal kanti sesebutan Slamet Kembo, tandange trenginas leh kelet sapi lan wedus ora terketung pas nyebelih sapi sing terahkir kepengkal sikile he he he he
  2. Mas Edy priyayi iki mantune ibu Yuriah Ngadenin cak soko Ngogak sing brengose sak kepel tandange trenginas gamane sing digowo kakean sampai binggung leh arep ngempake Bedomone (bendo nek gak paham kang)
  3. Mas Salwadi alias Gowek iki ugo priyayi soko Ngendo duduk cah Karajan tap iwis suwe mangon ning Krajan tandange ngedap-edapi roso tur yo sembodo karo mangane akeh he he he………
  4. Mas Agung Gajah priyayi iki anake Siyono Saripin termasuk cah angkatan enom tp nek masalah persapian wis handal amargo persasat turune karo sapi, prigel lan yo roso ……
  5. Mas Budiman, Kusno Kiyer lan Agus Wardoyo priyayi iki sing dipercoyo resik-resih wedel lan wadukan sapi ……jan mesake tangan lan awake ngati mambu jerohan……
  6. Sardi utowo Kasmo, Dul Gani Poniman, Trisno Tanggul, Toyok, Marmin Kenyut, Gito Suhing, Paijo lan parogo-porogo liyane sing podo trenginas anggone nyesek daging lan mecah-mecah daging ono sing gamane landep ono sing gamane blas gak landup / ketul tapi semangate luar biasa…………
  7. Ing barisn ibu-ibu ono bu lurah, Hj Yayuk Yarkoni, Saroh, Hj. Endang R, bu Ru, bu Yuriah Ngadenin, bu Sofiyatun ibune Hanung, bu Rimang. S, lan liyane akeh banget iki kebagian monto-monto daging jane rame banget suarane koyo betet sewu muni bareng ngalahake suara pengeras masjid…………
  8. Pemuda Bejo, Ayis, Wing, Gendon, Bogel, Bambong Domex lan Pemudi Erni, Titis kabeh tandang gawe mboh cekel gawean tenan po gak opo temen cekel, gawean tapi sing jelas podo gluprut amis getih ………………….
  9. Pak Yanto Polisi sing wonge Duwur suarane siji loro sing tukang ngatur rokok lan tukang dol-dolan kulit sapi lan wedus, ono sing istimewa wong siji iki telitine jan gak ketulungan kabeh di check lan di Kontron sampai tekan powon barang jan gak ono gawean sing luput karo pengawasane………………………….
  10. Bah Win pakne Mail cah mbeling priyayi iki putrane pak Karno Gembong kakange pak dr Pratiyo tapi wonge low profil tapi nek gelem ngomong gak tedeng aling-aling, wong iki sing ngarah ake cah- cah podo tandang gawe di bantu karo ki Demang sing wonge gagah gedhe duwur tapi duwe loro dengkek saben gegere mesti tempelan salonpas roto sak geger, najan wis dadi Demang ning nek neng ndeso tetep kudu manut karo posisi ne neng kepanitiaan ……………

Iku gambarane priyayi-priyayi sing podo tandang gawe tapi bedo critane karo kahanan sing kelakon wektu iku Wedus siji mboko siji podo ditelikung banjur Ki Modin komat-kamit ngrapal doa sak banjure gulu wedus di beleh getih muncrat sak naliko dibarengi kumandange takbir sing terus-terusan sako pak Maryadi (Rw II) semono ugo sapi siji mboko siji ditlikung lang disembelih gentian antarane pak Modin , pak slamet Riyadi lan pak Asrop dibantu Kembo Gowek, Edy lan Agung Gajah rampung leh mbelih sapi tinggal leh mbagi-mbagi daging Qurban…………..

Mas Agus Kusmin, dr. Pratikyo dibantu cah remaja podo komet lan gobyos leh naning-naning dupontho per Rt ben gampang leh mbagi mengkone ………… Alkamdulilah warga krajan biso kecukupan kabeh lan isih iso mbantu wargo Dusun Tegalwuni, Dangkel deso Banyubiru lan Dusun Ngaglik Deso Ngedong…………..

Atur gung panuwun karo poro keluargo sing wis atur pisumsum Qurban lan ugo atur panuwun dene poro parogo-parogo pragad mugo kebecikane biso gawe patuladan antuk ganjaran soko Gusti Kang Hamurbeng Jagad………………Amien…………………

Oleh : Jack Sawala
dibantu oleh : Wahyu Munyux




Rabu, 02 November 2011

SUMBANGAN PARTISIPASI MAKAM SELANCENG

Dokumen Sumbangan Partisipasi Makam Selanceng
Klik untuk melihat dokumen

Twitter Delicious Facebook Digg Favorites More