Selasa, 19 Juli 2011

Kabar Reog Rukun Santoso


Kadang sutresno sing wis tau mirsani pagelaran reog Rukon Santoso ing Dusun Krajan Desa Banyubiru mesti wis gak asing maneh, iki kabar cumak kanggo tombo kangen konco-konco ing njubo rangkah menowo kelompok kesenian iki isih ono lan exis najan wis kepinggir.

Pagelaran reog Rukun Santoso saiki wis didominasi generasi cah-cah nom ugo olah tari ne wis akeh owah nek disbanding karo pendahulune yaikunreog Waru doyong karono pagelaran ing wektu iki akeh disispi olah tari reog Ponorogo, nanging sing luwih penting awake dewe kabeh kudu matur nuwun karo kadang pelaku seni tradisional reog iki najan wis kepinggir tetep geleng ngelestareke utowo nguri-uri najan kanti dana sing pas-pasan sing gank pernah entuk perhatian soko Pemerintah Kab. Semarang wong dana APBD II gak tau mampir , iki kudu dadi tetengge opo sing salah dinas wing kaweggan opo poro minulya anggota DRP Kab Semarang sing gak aspiratif karo kekarepane kadang-kadang pinggiran, paling antuk dana soko DAUD Desa Banyubiru tiap 2 tahun Rp 500.000,-.

Wis gak usah diteruske leh ngudo roso masalah kebijakasanaan Pemerintah ndak tambah dowo, sing pnting piye masyarakat pemerhati, pecinta lan pelaku pelaku kesenian iso bahu membahu leh arep gawe majune kesenian pinggiran, nek pemerhati during ono tanjane wong cumak omdo ( omong doing ), lah nek pecinta wis ono tindakane wong isih podho gelem mirsani nek ono pagelaran lan nek pelakuni ojo di sangsiken maneh lah wong jatah kerjo we poho ijin padahal kadang-kadang anggota reog Rukun Santoso iki 95 % buruh sing pendapatane sitik, lah sing 5 % PNS

Mugo-mogo kanthi kabar iki sutesno sing isih duwe semangat majuken kesenian tradisional isih podho gelem cawe-cawe ngelilake waktu, tenogo lan dono driyan nek ono yuk podho mbangun SDM masyarakat kanthi media kesenian tradisional

***Jack Sawala***

0 komentar:

Posting Komentar

Twitter Delicious Facebook Digg Favorites More