Selasa, 26 Juli 2011

ADAT NYADRANAN ING DESO BANYUBIRU

ADAT NYADRANAN ING DESO BANYUBIRU


Nyadaran yen diusut soko bahasa asal usul  gak jelas nangging ing tlatah Jawo tembung iki wis popular najan arti sing sak benere podo gak ngerti tapi sing jelas adat nyadranan iki wis lumaku suwe banget lan sing ngawali sopo podo ora ngerti nangin ono bab sing iso di tarik kanggo pengelingi-eling yeng Adat  Nyadranan iki dilakoni wargo-worgo ing tlatah Jawa ugo salah sawijine warga Deso Banyubiru yoiku kanggo nyambut tekane wulan suci Romadhon utowo ono sing dibareng ake acara adat pungahan kanthi maksud pada mungah ake utowo ningkat ake leh podo gawe kabecikan , disranani podo ndongo bareng ing masjid, makam utowo ing makam punden kanthi ujup njaluk keslametan warga lan kirim doa kanggo poro arwah-arwahe poro leluhur  mugo pinaringan pangngapura soko gusti Allah.
 
Ing Dusun Krajan Deso Banyubiru Adat Nyadranan iki dilaksanake wargo dino  Jumat sing pertama ing wulan Rejeb ( 8 Juli 2011) dene pangonane ing makam Punden Mbah Kiyai Joyo Proyo (Mbah kiyai Joproyo /Pangeran Tejo Kusumo). Warga tuwo, enom , lanag lan wadon tanpo mbeda ake agama Islam lan non Islam kabeh podo teko ngowo panganan, sego Rosul,buah lan sak pinunggalane podo lunguh  jejer-jejer ing pelataran makam memuji maring Gusti sing di Imami Pak Modin (Nur Hadi Dimyati) kabeh podo khusuk leh mamuji najan ujub pamuji ngango dongo Arab lan Jowo nangging sing ora ngerasuk agomo Islam ugo khusuk mamuji  maring Gusti kanthi kapercayan sing diugemi. Acara doa rampung diterus ake podo mangan /kembul bujono bareng-bareng iki mujud ake bentuk sarana pemersatu umat lan wargo sing hiterogen. Perlu dieling yen ing Dusun Krajan sak jane wis ono kesepakatan menowo warga ora usah ngowo panganan cukup pado iuran Rp 10.000,- sing dikumpulke ing Rt-ne dewe-dewe nanging akeh wargo sing ora manteb nek ora ngowo panganan najan wis bayar iuran, Duit sing dikumpulke ing Rt mau  sak banjure dikumpulke ing panitia Pembangunan Dusun lan dana mau sak banjure khusus kanggo mbangun noto kawasan Makam Punden sing kahanan saiki wis mrehatin ake perlu kanggo di ngerteni warga kabeh yen dana kas pembangunan makam Mbah Kiyai Joyo Proyo ono Rp 10.000.000,-.
 
 
Lah ne ing Dusun Demakan Deso Banyubiru Adat Nyadranan ugo dilaksanake ing dino Kemis tanggal 21 Juli 2011 ono bedane adat Nyadranan ing Dusun Demakan dibandingke karo ing Dusun Banyubiru, pelaksanaan Nyadranan ing dusun Demakan intine podo nangging tata laksanane sing bedo warga Dusun Demakan lanang wadon, tuwo  lane nom esuk-esuk podo menyang kuburan /makam Si-Wedus ing kono wargo podo resik-resik makam sak banjure diteruke Tahlil Zikir dipimpim Kiyai Umar Mahfut dene doane disalirani Kiyai Matori (mayoritas wargo 100% Muslim) tanpo ono acara mangan bareng ing makam nanggin acara ini isih ono lanjutane bubar Magrib wargo podo kumpul ing latar ombo sebelah wetan masjid kanthi ngowo panganan lan tiap Rt ngetoake sego Rosul lan Inkung siti ing kene ugo podo Tahlil lan Zikir maneh sak banjure rampung diterus ake kembul bujono.
 
Lah kadang-kadang wargo Deso Banyubiru sing podo ono ing njobo rangkah mugo-mugo kabar iki biso dadi tombo kangen lan iso ngeraket ake leh podo seduluran lan tetep isih mbangkitken roso kedaerahan lan rumongso isih bombong dadi wargo Perdikan Banyubiru
.
By
Jack Sawala

0 komentar:

Posting Komentar

Twitter Delicious Facebook Digg Favorites More