Rahayu, Salam Kasejahteran, Salam Ketentreman
Sekapur sirih kanggo pengantar tulisaan ini, sakjane ukoro iki wis ora pantes maneh amargo kapur sing ono ing toko-toko koyo toh Kapur Padang Larang, Kapur tulis lan Kapur Kalsit hoe he he, .
Tulisan iki mugo-mugo biso gawe pengiling-eling kadang-kadang wargo Deso Banyubiru sing ono paran sae ing paran njero rangkah Nusantoro utawane ing njobo rangkah Nusantoro, kanthi tujuan mogo-mugo kadang-kadang kasebut ing nduwur iso tansah eling lan tresno marang Deso Banyubiru sing kawastanan Bumi Perdikan Banyubiru sing diyasani dening Simbah Laksamana Sura Dipoyono salah sawijining Punggowa Senopati ing Kraton Kesultanan Demak duk kawuri.
Lan ugo sak banjure Banyubiru di uri-uri maneh dening Priyo Gung soko Ngayojokarto Hadiningrat sing kawastanan Pangeran Joyo Kusumo sing katelah ing kene Kiyai Joyo Proyo utowo Mbah Kiyai Jo Proyo abdi dalem ugo pengikut setiane Kanjeng gusti Pangeran Diponegoro sing sesinggitdhan ing Banyubiru amarggo dioyak karo bangso Walondo sak pungkure perang Diponegaran.
Ing jaman perang kamardikan Deso Banyubiru wis dadi pusat kekuatan utowo Tangsi ne Walondo ugo dadi pusat keramaian pasar Pecinan mulane ing kene penulis kepinggin ngajak karo kadang-kadang sutresno sing mapan ing njobo rangkah Banyubiru lan kadang-kadang sepuh ben podo eling nostalgia wektu enom ugo ngajak kadang-kadang mudo sing durung tahu krunggu beng poho ngerti lan tambah tersna lang bombong dadi wargo Deso Banyubiru,
Wusono yen ono tembung-tembung sing ora pas lang gawe kuciwo ugo kurang bener penulis tansah njaluk pangapuro sing akeh. Kango pengenget-enget keterangan dijuku soko critane Kang Dul Gani (Muhanan) lan Man Bandot ugo Ka Hong (Bagor) banget sembah suwunku katur dene kelorone.
Jack Sawala, Banyubiru, 20 Maret 2011
He he bumine koyo gonjang langite mendung nangging ora sido udan amargo lik Kaulan sing dadi dukun lan wiro swora sing dipandegani Mbah Dul Kamit ugo disengkuyung Joyo Dodok, Karto Gong, Sujud, Darus, Man Bandot, Mat Rajak, Karsimin, Kasan Aaahooo poho mentak mentek lehe njoget Gatut Loco dirapali Jopo Montro nulak udan nganggo coro pentas Gatut Loco neng latar jembar ngarepe mbah Gandor :
Montro sepisan
Sarjunig Yang soho atur ...................................................
Wilujung paduko .............................................................
Sowan wonten pagelaran .................................................
Ing ngawis wo mriki ........................................................
Langkung esuk tur kawulo ...............................................
Mring paduko kerso .........................................................
Nuwun-nuwun berkah pada Alloh..................................2X
Montro ongko loro
Hamba puji pada allah.......................................
Maha raja ini yang bertahta kerajaaan Indonesai Raya..............................
Yang merintah kita orang dengan amat adil .............................................
Nuwun-nuwun berkah pada Allah bagi dia .........................................2X
Sebab itu hamba sungguh sangat adil didalam hati hamba sekalian ini.....
Montro ongko telu
Ponco sudho kinaryo ngatukaken .........................
Lare-lare jaler esttri ..............................................
Lare jaler esrti .......................................................
Mbok menawi gusthi maringgi..............................
Motro ongko papat
Sukro minang koro..............................................
Jumakir atahun wulan........................................
Tahun-tahun wulan biso ugo murah udan........................
Numpak mendho warso dal ataun wedus .........................
Tahun-tahun wedus biso ugo larang udan...........................
Montro kaping limo
Sulang sunu kinaryo urip.....................................
Kang jinatur poro kawulo .....................................
Nyuwitho mring wong towomu ............................
Pomo-pomo dipun mituhu .....................................
Montro kaping limo
lampah roto lampahipun .............................
Amadani Kanan Kiri-ne ..............................
Ora ndisik podo ndisik – o...........................
Bareng tumibaning sikil ..............................
Sansoyon bengi Lik Kaulan tambah semangat leh ngrapal montro nganti serak, Dul Kamit among mantuk-mantuk leh nyawang Joyo Dodok leh nabuh jedor, Karto Gong nganti lali mangan amargo ngematke tutukane Gong, sing ono latar tambah semangat Darmo lan Darus leh mentak mentek wis gak ketulungan Kasan Aahoo Karo Karsimin ugo trenginas leh main akrobat obar - abir geni, kuwi kabeh mung gambaran pentas Gatut Loco tahun sewidakan ( 60 - an ).
Kuwi mung dadi pambuko angen-angen kito kabeh ben podo eling dhisik he he , yo kadang kabeh podo nglegak ake angen-angen :
1. Palang Merah
Panggonan kanggo pengobatan masyarakat umum Mantrine Pak Witono pembantune pak Yasri lan diganti Pak Mantri Karno Gembong (bapakne Dr Pratikyo), panggonan iki saiki dadi omahe Maman Kancil ugo dadi gudang materiale Koh Yun pertelon Banyubiru.
2. Rumak Sakit Darurat TKR
Panggonan berobat Tentara Keamanan Rakyat, panggonan iki saiki dadi omah Bahut Banjar kidul Pasar,
3. Skip
Panggonan kanggo latihan nembak poro serdadu Walondo lan sak iki dadi latihan nembak Dokdiklat 09 – SPN 09 – Yon Zipur. Lan papan kanggo angon kebo ne Mbah Soali, Sarpi, Aspul, Bejo Muhyi, Suryan, Sumadi, Karno Gembong, Rabun, Panut lan Pak Dhe Budiharjo dene poro pangone sing gaweane ngenteni Enuk (kiriman sego jatahe panggon) : Rohiman, Poniman, Oso, Kunthing, Trimo, Miko, Bindit, Gabuk, Eno Kebo lan Gimin tahun 80 – an.
4. Tangsi
Panggonan kanggo asrama Walondo lan saiki dadi asrama SPN Banyubiru
5. Tangsi Block Kawin
Panggonan kanggo kawin bangso Walondo saiki dadi block perwira SPN sing sisih kidul pinggir dalan Banyubiru – Salatiga.
6. Gedung Farming / Ngemul
Gedung iki biyen dadi Klub malem lan Bilyar bongso Walondo gek jaman sak durunge Merdiko,
Jaman Jepang diarani Sono Popo ngurusi wong-wong sing kesrakat : Pengemis, Gelandangan, Fakir miskin lan Wong Edan.
Jaman Kemerdekaan 1945 dadi kantor Sosial
Jaman Merdeka 1965 dadi Kantor Farming duwee Tentara sing nguwasani sawah-sawah sing dikuwasani TNI ing kiwo tengene Banyubiru.
7. Ngekluk
Papan kanggo mbuwang sampah soko Tangsi lan tempat mandi umum Tentara Gurga.
Tahun 1970 – 1985 dadi papan prembesan siswa Dodiklat 09 / SPN
8. Mbuwaan
Papan kanggo mbuwang sampah soko Tangsi lan kanggo mendem jarane Londo sing mati.
9. Lambahu
Papan iki biyen tekan saiki tetep dadi Balai Pembibitan Pertanian tepate saiki sebelah kidul Prapatan pertanian Cerbonan
10. Pecinan Banyubiru
Papan iki biyen gek jaman Londo dadi pusat perekonomian Banyubiru panggonane sak kiwo tengene Pasar awit soko Mak dhe Karmi ngidul termasuk block Banjar lor lan kulan Pasar Kebondowo.
Akeh cino sing mangon Cino Cungking yoiku cino lanang sing rambute dikucir nang mburi
11. Sabrangan
Kali Klegung sebelah kulon Skip sing wis tau dadal amargo diterjang banjir perlu dingat nek kali Klegung biyen roto lan sejajar karo dalan
12. Kuning – kuning
Patok beton sing dicat kuning pinongko tenger jarak 5 Km Banyubiru – Jambu Kelurahan. Tempate neng sawahe Lik Ponidi saiki dadi duwee Bu Saraini kulon Dusun Krajan
13. Prapatan
Patok beton sing dicat abang pinongko tetenger jarak 4 Km Amborowo Pauline – Banyubiru. Tempate
14. Bunderan
Papan iki tempate neng ngarepe Mbah Niti Pramono / Kempros pakne Woko, biyen papan iki kaline bunder biasa gawe mlayu bocak-bocah tapi saiki wis ora iso amarga kali wis kotak.
15. Kedung Srengege
Papan iki biyen ceritane Kedung kang gawat kaliwat – liwat paribasane sato moro jalmo kepati lan biyen maneh ceritane papan kanggo geludte Joko Tingkir karo Bajol (Boyo) gek naliko arep sowan neng Kraton Demak Bintoro nanggin sak perangan poro wasis nerjemake kahanan iku Joko Tingkir ora gelud marang Bajol anangging gelud karo nafsune dewe amarggo ing Kedung Srengege ono kenyo / bocah wadon kang sulistyo ing warno lagi adus lah mestine he he he he ( ora susah diceritake amargo anak sing bekti karo leluhure tansah mikul duwur lan mendem jero mring asmane leluhure).
Dene tempate Kedung mau nek jaman biyen neng wetan lor omahe mbah Mat Kucir ( kang ramin kusir) utowo ing SDN B 03 nek saiki wetan lor omahe pak Yanto Polisi sing wong duwur banget kuwi.
16. Makam Joyo Proyo
Makam ugo katelah makam kiyai Jo Proyo ugo ono sing mastani Makam Pangerang Tejo Kusumo soko Ngayogjo Karto Hadiningrat iki kalebu makam leluhure wong Banyubiru amargo nek nilik soko labuh labete amargo ganti generasi soko Sura Dipoyono Banyubiru dilestantunke maneh dadi kotho kang rejo amarga tandang gawene Kiyai Joyo Proyo sing isih turas pengikut kang setiyo marang Pangeran Diponegoro.
Ing makam iki saben Merti Dusun gawe papan Ngetoke ( atur pakurmatan mring Gusti Allah lan kirim dongo marang poro leluhur ugo ing wulan Saban warga ugo Ngetoke kanti sesebutan Nyadran.
Juru kuncine biyen Mbah Modin Sulamin nek saiki Pak Modin Nurhadi sing wong seneng ngetoprak.
17. Makam Kebo Ijo
Makam iki ora pati jelas nangging ono sing ngeyakin ake nek iku makame Pangeran Kebo Kenonggo sako pengging dek jaman Kesultanan Demak diusir lan di sebrake lan kebo Kenonggo ganti jeneng Kebo Ij0 lan sesigidhan ing kono lan ing jaman Kemerdekaan makam kuwi dadi makame bangso Cino lan suku Banjar sing urip ing Banyubiru nek kahanane saiki ora keurus lan reged banget mulane oyo konco-konco ing Banyubiru podo perduli kare papan-papan petilasan utowo papan kramat ora kito arep nengen ake kemusryikan nanging kito nguri-nguri sejarah lan paring pakurmatan karo poro leluhur vsing wis nate gawe kemajuane Banyubiru.
18. Sendang Petit
Sendang iki sumber banyu sing ora tau mati banyune neng sebelah pinggirire ono patung sapi sing sirahe tugel lan ono lumpange sing utuh lan di rekso karo Pak Sidik Ngelembu. Tempate ing perbatasan Banyubiru karo Nrgapah sebelah kulon Tawang ngisor Gemawang kidul Ngelembu. Saiki dadi sumber airre wong Tawang Perumahan Rt 02 Rw XIV lan wargo Ngendo lan Ngogak
19. Tangsi Enteniran
Tangsi nek saiki kidul SPN pas masjid nek biyen diarani Tangsi Enterniran utowo papan kanggo nawan poro Walondo sing kalah perang ing kono ono transaksi antarane Walondo sing di tawan sing kekurangan pangan karo wong pribumi istilahe tukar – tukaran barang nek pribumi gowo pangan (Gedang, Gulo Jawo, Telo, Endog, Gablok, Tempe lan Tahu) njur diijoli klambi otowo celono (nek istilah saiki barter)
20. Lograk
Papan kanggo mumpet digawe ing njero omah utowo samping omah yoiku lemah digrowong digawe koyo guwo nek saiki Bungker. Iki gawe mumpet dek jaman Jepang istilahe bahaya udara sirine-sirine podo muni lampu sentir, teplok lan oncor podo dipateni.
21. OPR singkatan soko Organisasi Pertahanan Rakyat
Organisasi keamanan iki nek saiki Kampra / Hansip / Linmas tugase mbantu keamanan neng kampung wonge garang-garang ning ora duwe seragam amargo wektu iku sandang larang.
Waru – waru doyon doyong neng pinggir kali ----------------------
Lungo – lungo mendong gak bali – bali -----------------------------
Kuwi lelagon sing dilagoke dening Ki Gondo dukun Reog sing kondang ing tlatah Banyubiru dasar wonge gedhe duwur kulitane kuning langset tur wandane yo bagus, kanthi sandangan sarwo ireng lan iket wulung nambahi wibawane, tangan tengen nyekel kembang kenonggo lan sing kiwo nyekel menyan madu
Plak plak du plak swara kendange Lik Dadi Pendek saking semangate otot gulune ketok kabeh lan matane mendelik-delik leh ngematke solah bawane poro parogo Reog Waru Doyong uga iromo pentatonis bende telu sing ditabuh Mbah Jan, Karjo, Kasan ditimpali swara cetar cetor soko pecut sing di obat abitke Tono Londo dasar wonge gedhe duwur tur yo gagah pidekso akeh wong wadon sing kesemsem kocap sing ono latar jembare Mbah Niti Pramono (Niti Kempros) Kaseh leh njoget pakaian sarwa ireng iket wulung bahan blancu kain sing paling apik wektu iku ditambah ngagem tesmak leh nyirik-nyirik nabrak-nabrak leh nonton, Mbah Niti Ngatemin leh nyanding reog kepang jan wis gak pantes maneh amarggo gedhe reoge, tinimbang wonge ning semangat banget karo montak mantuk kenes koyo bagus-bagus so dewe. Dene Lik Misnan leh njoget kanthi solah gulu banyak sing luwes lan matane kocak-kocak ditambah Ki Ponidi sing dadi pitik walik ora ketingalan leh pencak trengginas lan gawe miris sing podo nonton Ki Pardi Jenggot ora kalah leh olah kabisan jogetan lan olah gaman opo maneh kanthi gelang akar bahar neng tangan gawe tambah luwes.
Kuwi kabeh gambaran pentas reog waru doyon utowo sing luweh dikenal reog Rukun Santoso tahunsewidakan (60 - an ), banget matur suwun dening Ki Agus Suwandi sing duwe majalah Baruklinting sing tau jaya dek jaman tahun 1980 tekan 1987 sing terbit ing Djakarta lan perlu dieling menowo opo sing tinulis ing nduwur kuwi soko inspirasi lan semangate dewan Redaksi majalah Barulinting sing biyen duwe kekarepan iso mromosike Banyubiru lan ngeraket ake sedulur – sedulur Banyubiru ing perantauan, nuwun sewu nek lek salah nulis lang gawe nesune sing podo moco lan matur nuwun nek tulisan iki biso gawe seneng poro pandemen. Amien..... amien .....Suro diro joyo jaya ning rat lebur dening pangastuti
Jack Sawala, Banyubiru, 20 Maret 2011
1 komentar:
Pak Jack itu lagu-lagu Gatut Loconya masih banyak yang tidak termuat ya karena kalau di buku pakem gatut Loco kami yang ada di Borobudur sangat banyak, terimakasih temen-temen Banyubiru kerso melestarikan seni budaya kami
Posting Komentar