Selasa, 22 November 2011

MATI SUSAH URIP REKOSO SENI DRAMA KETOPRAK KRIDHA RARAS BANYUBIRU


Suwe kabarmu wis ora keprunggu ing jagate seni budaya ing tlatah Banyubiru lan sak kiwo tengene   luweh-luweh ing Kabupaten Semarang, prasat koyo uripe lilin he he ... ojo binggung yo kang maksudte urip ibarat koyo lilin kui ... murup e saben listrik PLN mati .. semono ugo seni drama ketoprak Kridha Raras iki uripe nek ono sambatan anggotane alias gak podo bayaran keporo malah tombok he he he …. wong nek tanggapan malah wis jarang, kadang anggotane podo mbarang melok ketoprak ing tobong-tobong liyane, ono ceritone sing kadang memelas anggota-anggotane kanti perorangan sok disambati karo poro pejabat malah kadang dadi duto seni makili Dinas / Instani tapi malah tombok gawe sanggune tapi poro paroggo seni gak pernah sambat karo poro-poro sing kaweggan amargo yo percumah.
 
            
Iku mau mung gambaran uripe sebagian kanco-konco pelaku seni ketoprak Kridha Raras tapi iku kabeh bedo gek jaman keemasane kiro-kiro tahun 1987 tekan 1993 prasasat kabeh biso nyawang gebyare ketoprak ini luwih-luwih ing tlatah Banyubiru munggahe ing tlatah Kab. Semarang kerep banget makili dinas /instansi Pemerintahan ugo shuting ing TVRI Yogyakarta (jaman kuwi shoting ing TV wis jan dadi agul-agul cerito loh kang), gambaran sitik wektu iku Ketoprak Kridha Raras di sepuhui dening Ki Sutrisno lan disuhi dening Ki F. Kuswo lan duwe sutradara sing handal Ki Agus Suroyo (Indrajid) almarhum, ugo assisten sutradara Ki Asmui.
            
Lah kuwi kabeh gambaran kang biso dicerito gek jaman sekawit, lah nek saiki jan wis susah banget meh ngumpulke balung seni sing wis mocar-macir, gek wingi 19 Nop 2011 pak Toyok duwe perlu nikahke anake kanti ditanggapke sambatan ketoprakan we konco-konco seni kridha Raras wis angel kumpul padahal polah ubete Ki F. Kuswo lan Ki Asmui wis gak koyo-koyo ning yo syukur Alkamdulillah najan sitik konco-konco isih biso mainke pentas ketoprakan najan sing ngrawit (wiyogo) cumprang campring ning tetep pentas kanti lakon “Sabuk Janur Kuning” lakon iki ngambareke pelaku seni Tayub ing tlatah Kabupaten Pati gek Jaman paras transisi antarane jaman Mojopahit neng Islam Kraton Demak, sing njaluk perlindungan anane seni Tayub amarggo wektu iku karo poro Pujonggo lan ulamak ditentang amarggo akeh kedadean sing gak apik saben ono pentas Tayub awit soko iku poro pelaku seni tayub sing dipandeggani Rondo Randu Kuning….. 


 Cerito iki kabeh mung gawe sanepo jane poro pelaku seni apik sing ono organisasi Kridha Raras lan ing organisasi seni liyane kepinggin gugat karo Pemerintah lan poro-poro sing diparinggi sampur kudu mbina, ngelindungi tapi kayatane kabeh tugas lan amanat mono gur sekedar nyukupi kebutuhan poro petugas/pegawai gawe laporan, ora dipermati piye ben konco-konco seni iki biso urip layak kanti penghasilan soko jagadte seni padahal seni ketoprak iki biso dadi sarono penyuluhan lan sosialisani sing efektif kanggo nyampekno program Pemerintah ojo mung nek kampaye we prasasat konco-konco seni podo dadi jurkam lewat pentas seni ning nek bar podo keleleran poro-poro sing dibantu nek wis dadi priyo gung podo lali malah-malah duwe dana we gak gelem mbantu kanggo nyambung napas urip mlakune seni budaya local iki…….

            Nyuwun sepuro yo kang nek leh gawe artikel iki kurang apik amarggo akeh ngudoroso ngrasani poro-poro lah mugo-mugo biso kegugah lan ugo masyarakat iso melu nguri-uri kabudayan iki bareng kito sengkuyung, ngendikane Ki F. Kuswo: ”pelaku seni Kridha Raras ini gak perlu penghargaan sing duwur soko Pemerintah cumak perlu penggakuan we cukup,” lah nek ngendikane Ki Asmui :” seni budaya ketoprak iki biso dadi media belajar ungah unguh, sopan santun poro generasi mudo jadi wis dadi mestine nek Pemerintah melu cawe-cawe ngeragati mlakune organisasi seni", lah bedo menek karo ngendikane Ki Sutrisno: ”pelaku seni sing wisp enter lan kondang ojo ngakali pelaku seni sing cikik lan Poro pejabat Bupati, DPR sing wis tahu ngunake jasane pelaku seni gek jaman kampanye ojo tingal glangang tinggal playu”, he he akeh pengarep-arep soko sing disepuhke tapi ugo ono panyuwun sing dingendikake poro pelaku seni mudo koyo to Supri Kampret:”nek iso seni ketoprak iki podo ditularke koro generasi muda".


            Akeh kekarepan lan kabeh mau mung gawe apike seni budaya dadi nek ono sing rumangso kesinggung lan kurang sarujuk yo podo ngeraket ake langkah lan madake pandangan bareng-bareng apik sing soko organisasi seni, pelaku seni, Dewan seni, Pemerintah lan partisipan seni bareng ndandani program lan gawe program anyar sing biso berpihak ning konco-konco pelaku seni local.

Suro Diro Jaya Ningrat Lebur Dining Pangastuti.
Banyubiru, 21 Nopember 2011

Jack Sawala - Pesut




2 komentar:

Basuki Atmo Wijoyo mengatakan...

Mas Kuswo ojo mundur pancen nasib ketoprak gek ora antuk perhatian soko Pemerintah tapi opo ora eling nek Krido Raras tahu anjayeng, tolong dirembuk karo mas lurah lan koncon-konco luwih-luwih pepundenku Pak Tris. mas jack lan Pesut tolong iku sing podo ono gambar dikei komentar aku wis podo lali karo konco-konco Krido Raras.....ayo maju terus ....... Mas Kuswo tolong ngomong karo Dinas sing kawegan ing Semaran...Nuwun

Jack Sawala mengatakan...

Nuwun sewu Pak Basuki Dalem wakil saking pak F. Kuswo kito tetep semangat memajukan kesenian tradisional dan pantang mundur najan Pemerintah mboten berpihak kito wargo seni tetep lanjut.matur nuwun atas Att nya

Posting Komentar

Twitter Delicious Facebook Digg Favorites More