Sugeng Rawuh di Banyubiru Bumi Perdikan

Website ini diperuntukkan untuk untaian do'a para pendiri Banyubiru dan Masyarakat Banyubiru pada umumnya.

Semoga dengan adanya website ini masyarakat bisa mengakses informasi dan juga megetahui perkembangan Desa Banyubiru serta menambah kecintaan Bumi Perdikan

Selasa, 31 Januari 2012

BENCANA KOBONGAN ING WETAN GUMUK BOLODEWO

    Byuuuh……..byuuuh…..byuuuh lakon opo manek iki kahanan kok koyo ngene paribasane wing ngomong durung garing lambene leh ngomong musibah Ringin ambruk wis ono maneh kedadean musibah kobongan ing pabrik tahu duwe’e  ibu Sulimah ing Rt 07 Rw I dusun Krajan Deso Banyubiru otowo nek wong kene leh mastani Wetan gumuk Bolodewo pinggir kali Klegung kulone Mushola ne mak dhe Tum.
    Bengi iki prasasat kahanan ing Dusun Krajan tintrim lan nyeyet lan ditambah howo kang atis ning dumadakan kahanan kuwi dibuyarke kang nyulowadi yoiku langit ing sissih kidul dusun Krajan sumulak koyo bang-bang rahino ning suwe suwe kok ono kang bedo amargo wengi iku isih tabuh 22.50 Wik (Wedal iring kilen) dumadakan…………ono suworo wong kang panic lan wedi kanti nyerit…………..kobongannnnnn……………..kobongannnnnnn ………… kobongannnnnnnnnn ……… tambah suwe suworo kiwi podo saut-sautan soko lor kidul wetan lan kulon lan disambung titir kentongan soko cakruk jogo kali sing pratondo titire kudune telu-telu nanging gandeng rak tau ono kedadean kobongan tur yo ditambah gugup dadine suworone wis wis gak karukaruan sing penting muni…………..
    Kahanan wengi kuwi jane miris ake ati awit geni kang gede wis ora biso dikendalik ake untung wae tango teparo magersari soko sing tuwo tekan sing enom podo cancut tali wondo mbudi doyo nyelametake opo sing biso diselametake koyoto dele kang kurang luwih 1 ton lan pekakas-pekakas liyane ning sing luwih penting maneh podo mbudi doyo mateni geni kang murupe makantar-kantar najan kanti alat lan sarono sing sederhana wargo ora tinggal glangang culong playu tetep tangguh lan tangon anggone mateni geni………………
    Suworo wong wadon sin podo nonton malah pating jelerit amargo ora kuat nyawang musibah ugo mesakake karo sing duwe pabrik akeh suworo kang ora pating celoteh karepe arep pambiyantu nangging gandeng kahanan sing podo panik dadi ora biso dadi komando perintah nangging kanti naluri kang linambaran niat kang apik mbiyantu podo tumandang gawe nganggo roso lan tangan podo ulung-ulungan ember kang isine banyu ……gebyar…..gebyur sak kenane papan kang ono genine sitik mboko sitik geni biso lerep lan dadi cilik nanging bangunan pabrik kang nduwur wis entek prasasat gendeng lan reng usuk blandar wis podo kobong dadi areng…..
    Kabar kobongan wis dilaporke dinas kebakaran Kab. Semarang nanging tekone randat ning yo tetep ono gunane kango mateni geni-geni kanga no papan sing duwur lan nyempit. Opo to sebabe mobil unit kebakaran tekone telat ……… amargo ing kota Ambarowo ora ono Hydran banyu PDAM kang mili dadi yo kacau nek dinas utowo istansi wae ora ono koordinasi sing apik dadine mesti wargo kang dadi korban, sinau karo kahanan iki, wargo nyuwun kanti banget mbok podo koordinasi sing apik antarane PDAM lan Dinas Pemadam Kebakaran ugo dinas-dinas kang terkait …………gung panuwun kango poro wargo, Rt, Rw, Pemerintah Deso,Polsek, Koramil, Kecamatan lan Dinas sing ora kasebut sing wis paring pambiyantu kabeh……………………
    Katur ibu Sulimah mugo-mugo kuat lan tanambahan sabar ngadepi musibah iki Gusti ora bakal sare lan lali marang hambone kang gelem noto ati kango manembah lan nyuwun pitulungan………………..

Suro Diro Jayaningrat Lebur Dening Pangastuti

Jack Sawala 


ONGKOS PASANG E

PEZUT lagi nunggu TOSERBA ne, trus enek sing arep tuku …

Bejo : “mas … parabola sing 37 chanel piro regane?”
PEZUT : “900 ewu pak .. pripun njenengan ngersak ke ?”
Bejo : “kok larang men to mas ? ndek ndalan-ndalan kae ki mung 600 ewu lo !!”
PEZUT : “Yen neng kene semono kok pak, kui wis sak ongkos pasang e …
Bejo : “O .. yo wis pasang sisan yo mas”
PEZUT : “Ok pak …”

Ora sue, enek meneh sing arep blonjo, bocah wedok lumayan ayu .. mlebu neng tokone ...

Cah Wedok : "mas…enek pembalut (Softex) ?"
PEZUT : "Ono….iki mbak !"
Cah Wedok : "Piro regone mas ?"
PEZUT : "Siji rong puluh ewu".
Cah wedok : "Loh, kok luuarang pol to mas !! ...toko langgananku ora nganti sakmono kok .. mosok tuku siji we regone rong puluh ewu ..!"
PEZUT : "iyo mbak ! Yen neng kene rego sak mono iku wis termasuk ongkos pasange…".
Cah Wedok : " ##$%%@# ... waduh … wis elek Gendeng sisan … !!!"
PEZUT : “he he he he …”

WONG NDESO

Ono wong ndeso mlebu kutho, jenenge BEJO.

Tekan khuto BEJO bingung weruh bangunan gedhe-gedhe ... mobil uapik-uapik … cewek e ayu-ayu .. ora koyo nek ndesone cewek e mblengeri .. sikil e nek dikukur do mbesisik tur telapakan sikile do mlethek-mlethek …

Pas ning ngarep BANK, BEJO moco tulisan OPEN ... BEJO njur mikir, OPEN kok gedhe banget ? njur rotine sepiro ? Naliko BEJO garuk-garuk sirah e bingung weruh OPEN kok gede banget, ono BULE arep mlebu BANK kuwi, BEJO njur kaget spontan mbengoki BULE mau .....

"Mas BULE ojo mlebu …  iku Open !!", gandeng BULE ora mudeng opo sing di omongke BEJO njur nekat mlebu wae ...

Ora suwe ono wong NEGRO metu, BEJO ngomong, "Lha dalah .... lak tenan to … dikandani ojo mlebu OPEN kok ngengkel wae ..., gosong tho awakmu ... !!!"

Dasar wong NDESO yo ndeso …

Jumat, 27 Januari 2012

LAPORAN PERTANGGUNGJAWABAN (LKPJ) TAHUN 2011


Dengan berakhirnya pelaksanaan kinerja tahun anggaran 2011 maka berdasarkan Peraturan Daerah Nomor 23 Tahun 2006 tentang Pedoman Penyusunan Organisasi dan Tata Kerja Pemerintah Desa  pasal 10 ayat  4 menyatakan  bahwa  Kepala  Desa   berkewajiban  menyampaikan  Laporan Keterangan  Pertanggungjawaban  (LKPJ)  kepada  Badan Permusyawaratan Desa (BPD) serta menginformasikan Laporan  Penyelenggaaraan Pemerintahan Desa  kepada masyarakat melalui rapat-rapat desa dan pengumumann lewat radio atau masmedia lainnya. 

Bahwa LKPJ  merupakan  bentuk  pertanggungjawaban  Penyelenggaraan Pemerintahan  Desa  yang  telah  dilaksanakan  oleh  Kepala  Desa  sesuai  dengan dokumen perencanaan kegiatan yang  tertuang dalam Rencana Kerja Pembangunan Desa (RKPD). 

Penyelenggaraan  Pemerintahan  Desa Kepada  Masyarakat,  menegaskan  bahwa LKPJ  Kepala  Desa  sekurang-kurangnya  berisi  penjelasan  mengenai arah kebijakan umum Pemerintahan Desa, pengelolaan keuangan desa secara makro, termasuk  pendapatan  dan  belanja  Desa, penyelenggaraan  tugas  pembantuan,  dan  penyelenggaraan  tugas  umum pemerintahan

Download LKPJ 2011

RINGINE MBAH KIYAI JOYO PROYO AMBRUK

GANDRIK PUTUNE AKU KI AGENG SELO

Angin gede sing wis pirang-pirang dino ing deso Banyubiru puncake ing dino Kamis, 26 Januari 2012 watoro tabuh 10.55 Wik (Wedal Iring Kilen). Suaro kemuruh lan dibarengi suaro Bluk rekataaaakkk ....  keprungu wargo ing sak kiwo tengene RT 03, 04, 05 lan 06 RW I dusun Krajan. Kabeh wargo podo cingak pikirane suaro opo yooooh ?

Ora les suwe lik Sum bojone Lik Budiman gidruh-giruh karo nyincing dastere sing wis kumel karo nangis, mengkene pangrasane ...
Lik Sum : “ Duh Gusti piye iki omahku kok kambrukan wit ringin njur aku manggon ngendi ?”
Banjur mlayu neng pabrik tahu nyusul bojone tetep karo nangis ...

Bedo maneh karo pangrasane Nyi Sumi Dukun wedok sing wis kondang galake sak wise mangerteni wit ringine makam punden Kiyai Joyo Proyo ambruk mengkene pangudorasane ...
Nyi Sumi:Gandrik aku putune Ki Ageng Selo jim setan pri prayangan gandaruwo angke-angkek wewe gombel sundel bolong ojo podo ngganggu anak putuku ing Deso Banyubiru duh Gusti Allah panjenengan ampun paring Balak sukerto wonten ing Deso Banyubiru

Lan sak banjure kanti trenginas nyekel sapu gerang pucuke podo ditancepi lombok bawang dlingo bengkle enggal-enggal mlaku ing makam punden karo nyincing jarik lan komat-kamit ngrapal jopo montro tulak balak sing wong liyo gak podo biso wong mantrane oro pernah di publikasike ing koran lan media elektronik opo maneh koh media lah wong Domex sing putune we ora diwarahi. Jane ono pawongan sing disenengi karo Nyi Sumi yoiku Kang Nos otowo Trino putu mantune, ning jare Nyi Sumi umure durung nyandak lan kurang gentur topone.

Wis akeh wong podo teko soko Pemerintah Deso, Kecamatan, Polsek, Koramil lan wargo sak kiwo tengene podo guyup rukun gotong royong resik-resik omah sing kebrukan pang lan godong ringin sing podo pating selengkrah, kadang-kadang wargo podo trenginas luwih-luwih Pak Kapolsek leh nyekel senso jan edap-edapi gak duwe kesel.

Ing dino Jumat wargo podo sengkuyung kerja bakti dandan omah najan bahan material podo utang ora opo-opo sing penting dadi. Omahe lik Budiman di suhi dening Ki H. Kenang lan dhe Hariyanto  ugo disengkuyung poro tukang batu Kang Sarif, Parno, Kamto, Jimin, Martoyo, lan disengkuyung konco-konco bolo kepruk udak sing akeh banget ugo dibantu perangkat deso.
Mugo-mugo besuk dino Setu utowo Minggu omahe Lik Budiman wis biso dipanggoni maneh.

Neng pinggir sisih kulon ono pawongan sing bedo leh nyambut gawe mung meneng karo komat kamit ngerapal jopo montro ndongo ben konco-konco podo selamet leh tandang gawe amargo ing papan punden Kiyai Joyo Proyo iki iso diwastani papan sing wingit lan angker, sopo to pawongan iki yoiku Ki Nur Hadi Dimyati Modin Dusun Krajan lan ugo juru kunci makam punden.

Kanggo sedulur-sedulur sing ono rantau nek ono luwih rejeki tulung podo bantu sedulurku Lik budiman sing gek nandang musibah biso langsung utowo lewat forum peduli bencana dusun Krajan, lan mungkin nek ono pemanggih sing bedo penafsirane soko kedadean iki ayo podo dirembuk piye ben amrih apike makam Punden Kiyai Joyo Proyo iki ojo malah padudon sing ora ono artine.

Suro Diro Joyo Jayaningrat Lebur Dining Pangastuti

Jack Sawala




 




Kamis, 26 Januari 2012

GUYONAN Mas PeZut

Assalamu’alaikum lur …

Ayem kambek hiyer …. (latian boso inggris lur) … artine ki aku kembali disini ngunu lur …
Hehehehehe … ki enek sithik obat ngantuk nggo senam pipi lur .. ben iso represing ora ngelu mikir gawean utowo mikir liyane sik gawe sirah “pu … sing” jare cewek ayu wetan-wetan kono lur … ihirrrrrrrr …..

Ngene lur sejarahnya … akhir-akhir iki aku ki gek emosi karo sing jenengnya “BEJO” .. mbuh kok … weruh wonge ae hawane mung arep nyantet … E ndelalah lur .. iki critane lo yo … Critane aku ki Pengusaha sukses .. sugih “mblegedu” .. tumpakane BMX ... eh BMW … gawanane roko “siong” .. watuk ku kilo metune receh lur … heheheh .. iki critane lo yo …

Singket cerita … Bejo ki mau bingung golek gawean, kesuen nganggur nek omah … kerjo nek Jambu nggon kayu lapis mung karyawan pocokan … arep kerjo nek minuman air mineral Nglembu sik anyar kui jare wegah dadi siji karo Gendon (wong jare gek ora apik hubungane … ) wakakakakakakak ….. Padahal painem e Bejo nek ngomah mung purik ae nek ora enek setoran nggo tumbas beras karo tuku wedak pupur gincu …

Tibaknya … emmm jebulnya … Bejo ki daftar kerjo nek perusahaanku lur … berhubung aku due rasa dendam yang mendalam karo bocah kui … wue e e e e …  tak panggil langsung ... wawancara karo aku lur …. Iki wawancaraku karo Bejo lur …

Pezut : Pendidikanmu opo?
Bejo : Hukum Pak.
Pezut : wah ora bisa ditompo ning kene.
Bejo : Alasanipun Pak?
Pezut : Kakehan ngomong, mengko malah ora kerja.
Bejo : tapi kulo mantan diplomat lho Pak.
Pezut : Tambah ora ketompo?
Bejo : Lho kok ngaten pak?
Pezut : Mengko gaweyanmu mung ropat-rapat wae ......

Pezut : Kowe nduwe omah opo ora?
Bejo : Dereng .....
Pezut : Wah kowe ora iso ketompo nang kene.
Bejo : Lho kok ngaten?
Pezut : Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan nggo kredit omah.
Bejo : Ah.. mboten kok, sakjanipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih.
Pezut : Yo malah ora ketompo.
Bejo : Lho kok ngaten?
Pezut : Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong tok !!!

Pezut : Kowe nduwe motor opo ora?
Bejo : Mboten.
Pezut : Ora ketompo.
Bejo : Lho kok mboten ketompo?
Pezut : Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit motor.
Bejo : Sakjanipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil mangke kulo beto ngriki.
Pezut : Wah malah ra ketompo....
Bejo : Lho kok ngoten?
Pezut : Tempat parkire wis ra cukup..

Pezut : Kowe wis lulus sarjana tenan?
Bejo : Sampun Pak....
Pezut : Ora ketompo. Kene iki golek sing SMA ae
Bejo : Sakjanipun kulo tasih badhe skripsi.
Pezut : Malah ora ketompo ...... .
Bejo : Lho kados pundi to?
Pezut : Mengko kowe kerjo mung ngetik skripsi, yen wis lulus mesti golek kerjo neng perusahaan liyo nek ora metu mung arep adol lumut to !!!!

Pezut : Kowe mau mrene numpak opo?
Bejo : Nitih mobil.
Pezut : Kowe ora ketompo.
Bejo : Sebabipun?
Pezut : Saiki BBM mundhak terus, mengko kowe njaluk mundhak bayar terus.
Bejo : Woo, kulo wau namung mbonceng, kok.
Pezut : Tambah ora ketompo.
Bejo : Lho, lha kok?
Pezut : Mengko mung gawene mbonceng mobil kantor. Ngrusuhi diriku !!!

Pezut : Anakmu akeh opo sithik?
Bejo : Kathah, Pak.
Pezut : Kowe ora ketompo.
Bejo : Sebabipun?
Pezut : Nyambut gawemu ora serius, mung mikir gawe uanak terus.
Bejo : Lha wong namung anak adopsi, kok.
Pezut : Tambah ora ketompo.
Bejo : Lho, lha kok?
Pezut : Gawe anak wae aras-arasen, opo maneh nyambut gawe.

Pezut : Kowe wis ngerti gaweyanmu durung?
Bejo : Dereng.
Pezut : Kowe ora ketompo.
Bejo : Sebabipun?
Pezut : Arep nyambut gawe kok ora ngerti gaweyane?
Bejo : Oo, nek damelan niku mpun ngertos kok.
Pezut : Tambah ora ketompo.
Bejo : Lho, lha kok?
Pezut : Kowe mung arep keminter to !!!

Pezut : Kowe kerep loro?
Bejo : Mboten.
Pezut : Kowe ora ketompo..
Bejo : Sebabipun?
Pezut : Mesthi kerep mbolos, mancing nek Obama.
Bejo : Wah, sakjanipun nggih sering pak.
Pezut : Tambah ora ketompo.
Bejo : Lho, lha kok?
Pezut : Kantor iki ora nompo karyawan pileren.

Pezut : Kowe biso main internet?
Bejo : mBoten.
Pezut : Kowe ora ketompo.
Bejo : Sebabipun?
Pezut : Perusahaan ora nompo sing buta internet.
Bejo : Wah, sakjanipun nggih saged.
Pezut : Tambah ora ketompo.
Bejo : Lho, lha kok?
Pezut : Mesthi ora bakal nyambut gawe, kakehan dolanan facebook !!!

Pezut : Kowe WARAS po ra?
Bejo : Lha, kulo nggih waras to Pak.
Pezut : Ra ketompo.
Bejo : Kenging nopo?
Pezut : Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene.
Bejo : Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun RODO EDAN.
Pezut : Malah ra ketompo.
Bejo : Pripun to niki?
Pezut : MENGKO AKU DUE SAINGAN  !!!!!

Wakakakakakakakaka ……

Wassalam lur …..

Suro Diro Jayaningrat Lebur Dening Pangastuti
-- Pezut --

Selasa, 24 Januari 2012

MERTI DUSUN PANCURAN DESO BANYUBIRU


Wektu iki merti dusun ing tlatah Deso Banyubiru lan sak kiwo tengene wis mulai podo dipengeti kanti nanggap wayang purwo sedalu natak, koyo toh ing Dusun Pancuran kang wis dipengeti ing dino Sabtu tanggal 21 Januari 2012 (penaggalan Masehi) utowo dino Sabtu Wage tanggal 26 Sapar 1433 Hijriyah (tahun Wawu 1945).
            Merti dusun Kanti ujub Syukur ing ngarsani Gusti Kang Amurbeng Jagad kang wis paring kanugranan, kemakmuran, kesuburan, lan nikmat-nikmat si ng ora biso kasebut uga kanggo menggeti lan caos roso pakurmatan kagem poro leluhur kanti kirim doa lan ugo podo paring pakurmatan karo bumine sing wis paring ulu pametu sak hinggomwargo Dusun pancuran biso urip kang murakapi lan makmur mulane kanti merti Dusun wargo biso mapanake laku kang apik lan jumbuh kang biso nemahi apike bumi koyo toh tetandur kang bener-bener sak hinggo kelestaren bumi biso subur lan lestantun ora tandus lan gersang adoh soko bencono.
            Dene reroncene acoro Merti Dusun Pancuran kawiwitan soko resik-resik tuk/sumber banyu ing Sekelowoh (Deso Wirogomo) ugo Tuk/sumber banyu ing Gondang lan Tuk/sumber banyu Metes ing Dusun Pancuran ing dino setu esuk lang katerus ake selametan bebarengan ing omahe pak Kadus Pancuran. Lang ing dino awane kawiwitan Wayangan kanti dalang Giri Suhatno lan ing bengine diterus ake Wayangan Sedalu natak kanti Dalang Ki Sutono Hadi Sugito kanti lakon Wahyu Purbo Ningrat.
            Ing bengi iku banget gembyeng amargo Bopo Bupati Semarang H. Munjirin,Sp.Og lan anggota DPR Agus Prastiyo, Kusulistiyono,SH ugo rawuh diombyonggi Bopo Camat, Kapolsek lan Kades Banyubiru  podo biso nyerawung karo wargo najan Dusun Pancuran ing ereng-ereng Gunung Kelir nanging kuwi kabeh dudu hambatan kango mujud ake manungale Gusti lan Kawulo, koyo kang diatur ake Bopo Bupati Munjirin,Sp.Og menowo kabeh kekarepan kudu disengkuyung bareng koyoto merti dusun iki lan kabeh kudu podo nganggo Hati Nurani kang dicontoh ake koyo lelampahan wayang Wiroto Parwo.
            Merti Dusun Pancuran biso kelakon amargo disuhi dening Mas Marto pinongko Ketua lan disengkuyung konco-konco tokoh masyarakat ing Pancuran ing jajaran kepanitiaan kanggo mujud ake kekarepan merti Dusun Pancuran iki wargo masyarakat urunan per KK roto-roto Rp 150.000,- tekan 200.000,- iku kabeh biso kelakon karono antarane wargo lan panitia biso sak yek sak eko proyo. Iki jumboh karo pangangen-pangagene poro sepuh biyen cikal bakal Dusun Pancuran sing biyen –biyene soko dusun Karang Padang kang pangonane nek saiki ning kulon skip lan saiki wis dadi sawah kanti sebutan block pistulan, wargo Karang Pandang hijrah mungah ing Pancuran amargo ing dusun Karang Padang digawe lapangan tembak bongso Walondo, mengkuno kuwi gambaran sekilas sejarah asal mulane Dusun Pancuran najan ing Pancuran dewe biyen-boyene ugo wis ono wargo asli kang disuhi dening priyayi Gung soko trah pendereke Pageran Diponegoro kang kasebut neng Pancuran yoiku Mbah Pancur.
            Mengkono kabar sak klebat Merti Dusun Pancuran mugo-mugo biso dadi pepeling kito kabeh angone tansah nguri-uri kabudayan Jawi lan ugo tansak nengenake kepentingan masyarakat.
            Suro Diro Jayaningrat Lebur Dening Pangastuti

Jack Sawala




Selasa, 10 Januari 2012

KARANG TARUNA BARU KLINTING DUSUN KRAJAN DESA BANYUBIRU WIS NGELILIR MANEH


Lur dulur iki ono kabar maneh kahanan sing paling gres “Karang Taruna Baruklinting”  loh Lur senajan iki during biso dikatagoriken bener lan apik nanging sak ora-orane wis ono semangat sing makantar-kantar ing antarane poro konco-konco najan durung kabeh nanging wis biso nguggah wacana sing becik lang mugo-mugo biso mujudake Dusun Krajan Banyubiru iso ijo royo lan mengkono biso ngasilake pametu sing biso gawe pemasukan kas Karang Truna.
Lah opo toh programe konco-konco Karang Taruna? Mestine sedulur-sedu;ur podo takon lah iki programe “ nandur sayurar-saruran ing lahan sing kekiwo koyoto contone ing pinggir kali kulan dusun soko Pos Jogo Rt 06 Rw I tekan ngarep SDN BV, iku  kabeh wis kelakon ing dino Minggu tanggal 8 Januari 2012 kanti dipandegani Kang Bejo, Kang Ayis Komar, Kang Agung Bedor , Kang Catur, Kang Budhi Bodhong, Kang Wing, Kang Pesut, Kang Domex , Mas Guru Dedy, Kang Deny Kenyut  lan disengkuyung Ki Demang lan pak Hong ketua Rt 06 Rw I, kabeh kang diniyati  nandur sayuran kang migunani koyo toh kacang panjang lan pare, najan kanti podo wagu leh podo nyekel pacul wong ora podo tahu macul nanging  kanti semangat kang makantar-kantar  kabeh mau biso kaleksanan.
Lak mungkin dulur podo gak kenal karo solah bawane konco-konco Karang Taruna  sing kasebut ing nduwur mau koyoto :
1.    Kang Bejo Soleh : bocah iki anake Lik Karnan dadi putune mbah Dul Khahar bojone mbah Karto Gong, bocah iki akeh akale lan penemune tapi kadang so rodo kemajon iki mungkin soko pengaruh sing ora imbang antarane pikiran kiwo lan tengen amargo deweke duwe pelong ing sisih pilingane he he………ora entu nesu loh kang ning masalah semangat ojo takon deweke paling sip wong nek ono seksi pembangkan deweke sanggup dadi seksi iku lah lak luar biasa to ……
2.    Kang Azis Komar Bin Surosan : bocah iki anake pak Sugeng Tiyet utowo Surosan (Sugeng Rohmat Santoso)putune mbah Modin Sulamin (modin sepuh Krajan) meneng tur pikirane terlalu serius dadi rodo susah omonge mung siji loro nek gak diajak omong mung meneng koro tangane trampil sms Mayomi kenjo ayu wetan Dam Bolodewo, leh tandang gawe luar biasa najan ngeleh tetep wae kerjo amargo pancen ora ono sing dipangan he he…………………
3.    Kang Agung Bedor  : bocah iki anake Lik Karno dadi putune mbah Dul Khahar bojone mbah Karto Gong, bocah iki jane lucu tur omonge siji loro tapi kadang nganyelke opo mungkin bar tibo seko wit Lombok yae tandange ugo luar biasa leh cekel gawe najan macule wagu………………………
4.    Kang Catur : anake Lik Ribut bocah iki meneng tapi akale akeh tur yo pinter wong wis tau merantau tekan Borneo buruh nandur Sawit dadi yen ing even iki paling trenginas lan mumpuni wong gek rikolo sekolah ing SMK Bawen yo temen bedo karo konco-koncone sing podo seneng nonkrong ing pasar sapi …………..
5.    Kang Budhi Bodhong : iki anake Lik Bambang Suwardi dadi putune mbah Muh Yi dukun ampuh kondang soko kampung Ngendo he he…………….. bocah iki meneng paling komentare “T”  bocah iki pancen meneng amargo ugo bar tibo soko wit Lombok ning masalah kerjo tetep semangat tur yo entengan kerjo opo wae nek kumpul ugo ora pilih-pilih karo sopo wae supel mulane akeh bocah wadon sing keyuyun amargo bocahe low profil he he……………………….najan leh mangkat kerja bakti telat tetep “T”…………………
6.     Kang Wing : bocah iki anake pak Niti Ngatemin najan bocahe cilik ning wis ngemut umur ning masalah semangat tetep pemuda najan nek metu-metu mesti dikontrol bojone sing soko tlatah Bleduk Kuwu ning ojo salah loh durul bojone pak Wing saiki wis enjoy wong wis GAUL nek senam sehat lan joget dangdut tingkat RT wis gak canggung tur yo luwes opo kambon darah tayub yohhhh……. pak Wing bocahe loman najan nek karo kang Pesut nek ketemu ora tahu akur ning nek mancing mesti akur…… leh kerja bakti ugo telat tapi tetep “T”…….
7.    Kang Pesut : bocah iki anake lik Sarman Londo kepiye mula bukane kasebut londo ora ono sumber sejarah sing baku ning sing jelas rambute lik Sarman putih kabeh ……….. bocah iki solah bawane tansah nyenengake luwih-luwih nek nguyu akeh mincutke cah wadon mulane ati-ati nek ketemu cah iki, mungkin antuk warisan ilmu pellet soko demit gunung kelir utowo kali klegung nek ora percoyo buktino lur … baguse koyo arjuno .. gagah koyo werkudoro .. tapi nek ngguyu koyo buto … Leh mangkat kerja bakti ugo telat ning leh mangan awan ora telat malah keporo gasik dewe …………… ning yo tetep “T”………
8.    Kang Domex : bocah iki anake Lik Komadi dadi putune mbah Sumi dukun bayi lan dukun liyo-liyone sing wis kondang ing jagad Banyubiru lan sak kiwo tengene ning wonge super galak !!!!!!!!!!!!! ................. bocah iki kerep tibo soko wit  lombok wong ning bocah iki duwe mental sing badak dadi tetep “T”…………. lek mangkat kerja bakti ugo telat ning mumouni masalah manase (rangsum)…. Bocah iki nek nyandang jane pakaiane apik-apik tapi sayange rak tahu wangun wong piye yo jarak sirah koro lemah cedak banget he he …………………….
9.    Mas Guru Dedy : bocah iki ora wong kene dadi silsilahe gak podo tahu tapi sing jelas bocahe sregep lan meneng tur seneng kegiatan opo maneh nek bareng ceweke cah wadon wetan makam Kiyain Joyo Proyo, leh mangkat kegasiken sampai bolak balik koyo seteliko ning tetep “T”…………………….
10. Kang deny Kenyut : bocah iki anake kiyai Usup (alm) bocahe ganteng ning ngeleleng rak tahu serius nek rembukan akeh sing dipikir ning rak pati jelas …… ning nek ngerayu cah wadon jan luwes tur yo sopan………najan leh mangat kerja bakti super telat padahal sing ajak-ajak mangkat gasik yo mas Kenyut tapi tetep “T”……………………..
Mengkono kuwi gambarane bocah-bocah Karang taruna baruklinting sing action nandur sayur-sayuran kanti pangajap biso dadi penghasilan biso kanggo tombo kesel lan nguranggi pengangguran……..he he. … wis yoh dulur-dulur ojo podo nesu nek kesinggung yoh pancen wis di senggojo ben podo jengkel njur podo noto : 5T

Toto Titi Tentrem Terampil Tenang

Nuwun………….nuwun………..nuwun…………………..

SURO DIRO DJOYO JAYANINGRAT LEBUR DENING PANGASTUTI

JACK  SAWALA





Twitter Delicious Facebook Digg Favorites More